Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 3 >> 

Ndedonga lan tumindak ing gawe

1Sabanjure, para sadulur, aku kabeh padha dongakna, supaya pangandikane Gusti saya maju lan diluhurake, padha kayadene kang wus kalakon ana ing antaramu,

2lan supaya aku padha uwal saka para wong kang gawe rusuh lan para wong ala. Sabab ora kabeh wong kadunungan pracaya.

3Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.

4Anadene aku kabeh padha pracaya ana ing Gusti, yen apa kang wus padha dakpituturake marang kowe, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni.

5Muga Gusti lestari madhepake atimu marang katresnaning Allah lan marang kamantepaning Sang Kristus.

6Nanging welingku kabeh marang kowe, para sadulur, atas asmane Gusti Yesus Kristus, padha sumingkira saka sedhengah sadulur kang ora nindakake kawajibane lan kang ora manut marang piwulang kang wus dakwenehake marang kowe.

7Sabab kowe dhewe padha sumurup, kapriye anggonmu kudu padha nulad marang aku kabeh, amarga aku padha ora nglirwakake pagawean ana ing antaramu

8sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabeh padah mbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapa bae ana ing antaramu.

9Ora marga saka aku padha ora duwe hak ing bab iku, nanging marga saka aku kabeh supaya dadia tuladha tumrap kowe, supaya koktulad.

10Sabab, uga nalika aku padha ana ing tengahmu, aku padha aweh pepenget iki marang kowe kabeh: wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iya aja mangan.

11Iki dakkandhakake amarga aku padha krungu, yen ana wong kang uripe ora tumata lan ora nyambut-gawe, nanging mung tansah nindakake bab-bab kang ora ana paedahe.

12Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakelingake lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yesus Kristus supaya padha lestaria nindakake pagaweane kanthi tentrem sarta padha mangana rejekine dhewe kalawan tumindak mangkono iku.

13Anadene kowe kabeh, para sadulur, aja jeleh-jeleh anggonmu padha nindakake panggawe becik.

14Manawa ana wong kang ora gelem ngrungokake kandhaku ing layang iki, iku pengetana lan aja srawungan karo dheweke, supaya isin.

15Mung bae aja kokanggep mungsuh, nanging elingna kaya sadulur.

Salam

16Anadene Panjenengane, Gustining tentrem-rahayu, muga tansah paring tentrem-rahayu marang kowe kabeh ing sadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.

17Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe. Iki minangka tengeran ing saben layang: mangkene iki tulisanku.

18Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anaa ing kowe kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Tesalonika 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel