Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 2 >> 

Timbalan ndherek nandhang sangsara

1Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.

2Apa kang wus kokrungu saka aku ana ing sangarepe seksi akeh iku pitayakna marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.

3Melua nandhang sangsara kayadene prajurite Sang Kristus Yesus kang utama.

4Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripane, supaya marga saka mangkono iku ndadekake senenge komandhane.

5Olahragawan iku anggone bisa makuthaning kaunggulan mung manawa anggone main iku manut tatanan-tatananing olahraga.

6Wong tani kang nyambut-gawe kanthi mempeng iku kudune sing ngrasakake nikmating wohe pagaweane kang dhisik dhewe.

7Apa kang dikandhakake iku gatekna; Gusti bakal paring pangreten bab samubarang kabeh marang kowe.

8Elinga bab iki: Gusti Yesus Kristus, kang wus wungu saka ing antarane wong mati, kang wus miyos dadi tedhake Sang Prabu Dawud, yaiku kang dakundhangake ana ing Injilku.

9Iya marga saka pangundhanging Injil iku aku banjur nandhang sangsara, malah nganti dibanda kayadene durjana, nanging pangandikaning Allah ora bisa kabanda.

10Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.

11Iki tetembungan kang bener: “Manawa kita ndherek Panjenengane seda, iya ndherek Panjenengane gesang;

12manawa kita nahanake iya bakal ndherek Panjenengane ngereh; manawa kita nyelaki Panjenengane iya bakal diselaki Panjenengane;

13manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya, awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”

Pitutur bab sajrone lelayanan karo guru panasaran

14Wong-wong padha elingna lan pituturana ing bab iku kabeh kalawan temenan ana ing ngarsaning Allah, supaya aja padha mbulat-mbulet rembuge, amarga iku ora ana gunane babar pisan, malah ngisruhake kang padha ngrungokake.

15Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling.

16Nanging omong-omong kang tanpa isi kang ora suci kang mung nambahi kalamisan iku singkirana.

17Tembung-tembunge wong-wong kang mangkono iku nular kaya lelara kangker. Panunggalane wong iku yaiku Himeneus lan Filetus,

18kang wus nyimpang saka ing kayekten kalawan anggone mulangake, yen kita wus katangekake sarta marga saka iku banjur gawe rusaking pracayane wong sawatara.

19Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”

20Ing sajroning omah gedhe iku kang tinemu ora mung prabot emas lan salaka, nanging uga barang-barang kang kagawe saka kayu lan lempung; kang saka emas lan salaka kanggo kapreluan kang wigati, dene liyane kanggo kapreluan kang kurang wigati.

21Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.

22Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.

23Singkirana sakehing prakara-prakara kang diothak-athik, kang tanpa budi kang ora pantes. Kowe sumurup, yen bab-bab iku nukulake dredah,

24mangka abdine Gusti iku ora kena padu, nanging kudu sumanak marang wong kabeh. Kudu bisa mulang, sabar

25lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,

26tuwin banjur padha eling maneh, yen wus uwal saka ing kalaning Iblis, kang ngendhaleni dheweke kabeh supaya nglakoni kekarepane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Timotius 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Timotius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel