Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Yohanes 1 >> 

Salam

1Saka pinituwa tumekaa marang ibu kang pinilih lan anak-anake kang padha banget daktresnani, lan ora ngemungake aku bae kang nresnani kowe kabeh, nanging dalah sakehe wong kang wus padha ngawruhi ing kayekten,

2marga saka kayekten kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawase.

3Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu bakal nunggal kalawan kita saka Gusti Allah Sang Rama lan Saka Gusti Yesus Kristus, Putrane Sang Rama, sajroning kayekten lan katresnan.

Pepeling supaya ngantepi piwulange Sang Kristus

4Banget bungahing atiku dene aku nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmu padha urip ana ing sajroning kayekten, cocog karo pepakon kang wus kita tampani saka Sang Rama.

5Dene ing samengko panjalukku marang kowe, ibu, -- ora kok kaya-kaya aku nulis pepakon anyar marang kowe, nanging miturut pepakon kang wus kita duweni wiwit-wiwitan mula -- supaya kita padha tresna-tinresnanana.

6Dene katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone. Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wus padha krungu ing wiwitan mula, supaya kowe padha urip ana ing sajroning katresnan.

7Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.

8Padha diwaspada, supaya kowe aja nganti kelangan apa kang wus padha dakgarap, nanging supaya genepa anggonmu padha nampani ganjaran.

9Sok wonga kang ora ngantepi ing piwulange Sang Kristus, nanging nyimpang saka iku, iku ora nduweni Gusti Allah. Sok wonga kang ngantepi ing piwulang iku nduweni Sang Rama lan Sang Putra pisan.

10Manawa kowe padha katekanan wong kang ora nggawa piwulang iki, iku aja koktampani ana ing omahmu, lan aja kokuluki salam.

11Awitdene sapa akng nguluki salam wong iku, iku kalepetan ing panggawene ala.

Panutup

12Sanadyan akeh kang prelu daktulis ing layang marang kowe iki, mung bae karepku aja lantaran dluwang lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal nekani kowe, banjur rerasanan adu arep karo kowe kabeh, supaya bungah kita bisa katog.

13Salam saka anak-anake sadulurmu kang pinilih marang kowe kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Yohanes 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Yohanes 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel