Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 2 >> 

1Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Marga saka durakane Moab telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus ngobongi balunge raja-raja Edom dadi gamping,

2Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab, kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek; sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh, binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake.

3Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe, sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Paukuman tumrap Yehuda

4Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure,

5Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda, kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.”

Paukuman marang Israel

6Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Israel telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha ngedol wong mursid marga melik dhuwit, lan wong miskin diijolake trumpah sapasang.

7Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu, sarta nasarake dalane wong sangsara; anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji, satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;

8sandhangan kang digadhe padha digawe lemek turon sandhing saben misbyah, lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendha ana ing padalemaning Allahe.

9Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.

10Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wongn Amori.

11Ingsun wus ngadegake panunggalane anak-anakira dadi nabi, sarta sabageane nom-nomanira dadi nazir; apa ora nyata mangkono, he Israel?”, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

12“Nanging para wong nazir padha sira purih ngombe anggur, sarta para nabi padha sira celathoni: Aja medhar wangsit!

13Lah bumi kang sira enciki bakal Sunhoregake, kaya gumeroting kreta kang kabotan momotan.

14Wong kang banter playune iya meksa ora bisa lumayu maneh, lan wong rosa ora bisa migunakake kekuwatane, lan wong prawira ora bisa ngoncati.

15Wong kang nyekel panah ora bisa tahan, wong kang cukat tandange ora bisa oncat, lan wong nunggang jaran iya ora bisa ngluwari awake dhewe.

16Sanadyan wong kalebu kendel ing antarane para prawira, iya bakal lumayu wuda ing dina iku,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel