Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 1 >> 

Tujuane Wulang Bebasan iki

1Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman putrane Prabu Dawud, ratu ing Israel,

2kanggo nyumurupi kawicaksanan lan pamerdi, supaya mangreti marang tembung-tembung kang ana maknane,

3kanggo nampani pamerdi kang marakake pinter, sarta kabeneran, kaadilan lan kejujuran,

4kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman, sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; --

5wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune, lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan --

6kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang, apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.

7Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.

Pitutur lan pepeling

8He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;

9marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu, sarta kalung kanggo gulumu.

10He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa, kowe aja nurut;

11manawa iku padha duwe pangucap: “Marang melua aku, padha ndingkik getih, nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;

12payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati, diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur;

13temah kita padha oleh barang rupa-rupa kang akeh ajine, padha bisa ngebaki omah kita kalawan barang rampasan,

14undhimu buwangen ana ing tengahku, kanthong siji kanggo kita kabeh.”

15He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau, sikilmu edohna saka ing dalane;

16awit sikile wong iku parane marang ing piala, sarta cukat manawa arep ngwutahake getih.

17Marga tanpa guna masang jaring ana ing ngarepe sadhengah kang duwe suwiwi;

18mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewe lan ndingkik marang nyawane dhewe.

19Kaya mangkono pangalamane saben wong murka ing bab bebathen peteng, kang ngrebut nyawane wong kang ndarbeni.

Pitutur bab kawicaksanan

20Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung, sarta nyuwara ana ing ara-ara,

21anggone nguwuh-uwuh ana ing sadhuwure balowerti, ana ing sangarepe gapuraning kutha anggone nglairake tembung-tembunge.

22“He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase, anggonmu isih nresnani kaananmu iku, tukang poyok anggone seneng memoyok lan wong bodho anggone sengit marang kawruh?

23Padha madhepa marang pamelehku, lah aku arep ngesokake isining atiku lan nyumurupake tembungku marang kowe.

24Sarehne kowe mopo nalika dakundang, lan ora ana wong kang ngrewes nalika aku ngulurake tanganku,

25malah kowe padha nyepelekake pituturku lan ora gelem nampani pepelingku,

26mulane aku iya bakal nggeguyu bilaimu, lan nyokurake samangsa kowe ketekan pagiris,

27samangsa kowe ketekan ing pagiris kang kaya prahara, lan katempuh ing bilai kang kaya lesus, sarta kataman ing karupekan lan kasusahan.

28Ing kono bakal padha sambat-sambat marang aku, nanging ora bakal dakwangsuli, kanthi temen-temen anggone padha ngupaya aku, nanging ora bisa katemu.

29Sarehne padha sengit marang kawruh lan ora milih ngabekti marang Pangeran Yehuwah,

30padha emoh nampani pituturku, nanging padha nampik marang sakehe pamelehku,

31mulane bakal padha mangan wohing panggawene, sarta padha wareg dening rancangane dhewe.

32Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun; sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane.

33Balik sing sapa nggugu marang aku, iku bakal manggon kalawan slamet, kalis ing bilai kang nggegirisi.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel