Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 10 >> 

Wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman

1Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman, Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging anak kang goblog iku gawe prihatine biyunge.

2Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi, nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati.

3Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen, nanging pepenginane wong duraka ditampik.

4Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

5Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter, nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.

6Berkah iku manggon ana ing sirahe wong bener, nanging cangkeme wong duraka iku ndhelikake panganiaya.

7Pangeling-eling marang wong bener iku ngolehake berkah, nanging jenenge wong duraka dadi bosok.

8Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.

9Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.

10Sing sapa kedhep-kedhep mripate, iku nukulake kasusahan, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.

11Cangkeme wong bener iku sumbering urip, nanging cangkeme wong duraka, iku ndhelikake panganiaya.

12Sengit marakake grejegan, katresnan nasabi sakehe panerak.

13Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane, nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung.

14Wong wicaksana iku tetandho kawruh, nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.

15Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa, nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan.

16Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip, oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa.

17Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip, nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.

18Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.

19Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake, nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.

20Ilate wong bener iku kaya salaka pilihan, nanging pikirane wong duraka iku sathithik ajine.

21Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh, nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.

22Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.

23Kang dadi kabungahane wong gemblung iku manawa nglakoni pratingkah nistha, nanging wong pinter iku senenge manawa oleh kawicaksanan.

24Wong duraka kataman apa kang disumelangake, nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.

25Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna, nanging wong bener iku tetales kang langgeng.

26Kayadene cokak tumrap ing untu lan kukus tumrap ing mripat, iya mangkono iku wong kesed tumrap kang ngongkon.

27Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku ndawakake umur, nanging taun-taune wong duraka iku dicendhakake.

28Pangarep-arepe wong bener iku dadi kabungahan, nanging pangarep-arepe wong duraka dadi tanpa guna.

29Margine Pangeran Yehuwah iku pangayoman tumrape wong kang jujur, nanging ing ngatase wong kang nglakoni piala dadi karusakan.

30Wong bener ora bakal kaontang-antingake ing salawase, nanging wong duraka ora bakal manggon ing nagara.

31Cangkeme wong mursid metokake kawicaksanan, nanging ilat rangkep iku dikethok.

32Lambene wong bener sumurup samubarang kang ngresepake, nanging cangkeme wong duraka mung nglairake kaculikan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel