Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 12 >> 

1Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.

2Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum.

3Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane, nanging oyode wong bener ora owah gingsir.

4Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.

5Rancangane wong bener iku adil, nanging pangrantame wong duraka iku cidra.

6Tembunge wong duraka iku ngajap getih, nanging tembunge wong temen iku mitulungi.

7Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna, nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg.

8Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene, nanging wong cidra iku karemehake.

9Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe, katimbang karo wong kang kumaluhur-luhur, nanging kekurangan pangan.

10Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya.

11Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.

12Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala, nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan.

13Wong ala kejiret dening paneraking lambene, nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan.

14Saben wong kawaregan kabecikan marga saka wohing tembunge, lan wong tampa wewales saka panggawene tangane.

15Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik, nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana.

16Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.

17Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil, nanging seksi goroh nglairake kaculikan.

18Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.

19Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase, nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.

20Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan, nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.

21Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae, nanging wong duraka iku tansah sangsara.

22Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge.

23Wong kang wicaksana iku ndhelikake kawruhe, nanging atine wong bodho mamerake kabodhoane.

24Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan.

25Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.

26Wong bener iku nemu papan panggonane, nanging dalane wong duraka nasarake awake dhewe.

27Wong kesed ora bakal nyekel kang kaburu, nanging wong sregep bakal oleh barang kang pangaji.

28Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel