Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 18 >> 

1Wong kang ndhewe, iku ngupaya pepenginane, saben panimbang njalari nepsune.

2Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine.

3Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake, sarta cacad iku dibarengi pamoyok.

4Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.

5Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.

6Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.

7Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme, sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.

8Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang lumebu ing sajroning ati.

9Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.

10Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.

11Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke, dirasa kaya balowarti kang dhuwur.

12Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.

13Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho sarta cacad.

14Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara, nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati?

15Atine wong pinter ngolehake kawasisan, lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.

16Ganjaran ngomberake dalane wong, lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur.

17Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener, nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.

18Tibane undhi mungkasi pepadon, sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.

19Sadulur kang diserikake atine, luwih angel dicedhaki katimbang karo nyedhaki kutha kang santosa, lan crah iku kayadene slaraking gapurane beteng.

20Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme, lan diwaregi dening pametune lambene.

21Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.

22Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik, sarta oleh sihe Sang Yehuwah.

23Wong miskin memelas celathune, nanging wong sugih songol wangsulane.

24Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel