Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 22 >> 

1Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.

2Wong sugih lan wong mlarat padha papagan, sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.

3Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.

4Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.

5Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika, sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau.

6Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.

7Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.

8Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh, temah gitiking nepsune bakal lebur.

9Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.

10Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang, lan kang padha padu lan nacad padha leren.

11Sing sapa seneng marang resiking ati, sarta manis wicarane, iku dadi mitraning ratu.

12Tingale Sang Yehuwah ngreksa marang kawruh, nanging ujare wong cidra diwurungake.

13Ujare wong kesed: “Ing njaba ana singa, aku arep dipateni ana ing tengah dalan.”

14Ujare wong wadon tuna-susila iku luwangan kang jero, sing sapa kena bebendune Pangeran Yehuwah iku bakal kecemplung ing kono.

15Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom, nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku.

16Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.

Wulang bebasan anggitane para wong wicaksana

17Nilingna kupingmu, rungokna pituture para wong wicaksana, sarta gatekna sakehe kawruhku.

18Marga manawa iku kokrawati ana ing sajroning ati bakal gawe senengmu, manawa kabeh iku cumawis ana ing lambemu.

19Supaya kowe duwea pangandel marang Pangeran Yehuwah, saiki pitutur mau dakwulangake marang kowe, iya marang kowe dhewe.

20Aku biyen rak wis nulis marang kowe, dakkantheni pitutur lan kawruh,

21kanggo mulang marang kowe apa kang bener lan nyata, supaya kowe bisa mangsuli kanthi patitis marang kang ngongkon kowe.

22Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.

23Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane, sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane.

24Aja memitran kawo wong bengis, lan aja srawungan karo wong brangasan,

25supaya kowe aja nganti kulina marang pari-polahe, lan marang jiret kanggo awakmu dhewe.

26Kowe aja nganti kegolong wong kang nganakake pasarujukan, lan kang nanggung utang.

27Saupama kowe ora duwe kang kagawe nyaur, yagene nganti paturon kang kokturoni dijupuk?

28Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas, kang wus ditetepake dening para leluhurmu.

29Apa kowe wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawe? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu, ora ngawula marang wong kang asor.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel