Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 4 >> 

Pitutur supaya ngupaya kawicaksanan

1He bocah-bocah, padha ngrungokna pamerdining bapa, lan titenana supaya kowe bisa oleh pangreten,

2awitdene piwulang kang becik kang dakwenehake marang kowe, aja padha ninggal marang pituduhku.

3Marga nalika aku isih bocah tunggal saomah karo bapakku, aku ringkih lan dadi anak ontang-antinge ibuku;

4aku diwulang bapakku, pituture mangkene: “Atimu dimen nggondheli tembung-tembungku; pituturku tetepana, temah kowe bakal urip;

5mbudidayaa supaya oleh kawicaksanan, marsudia supaya oleh pangreten, aja ndleya lan aja nyimpang saka tembung-tembung kang metu saka ing cangkemku.

6Aja nyingkur marang kawicaksanan, temah kowe bakal direksa, iku tresnanana, temah kowe bakal digumateni.

7Wiwitane kawicaksanan iku: marsudia supaya oleh kawicaksanan, lan mbudidayaa oleh pangreten srana sabarang kang wus kokdarbeni.

8Iku ajenana, temah kowe bakal diluhurake, manawa kokrangkul, kowe bakal kadadekake kajen keringan.

9Sirahmu bakal dietrapi oncen-oncen kembang kang endah, sarta kowe bakal diwenehi makutha kang adi.”

10He anakku, rungokna lan tampanana pituturku, temah bakal dawa umurmu.

11Kowe dakwulang bab dalane kawicaksanan, daktuntun lakumu ana ing dalan kang lurus.

12Manawa kowe lumaku, jangkahmu bakal ora dialang-alangi, manawa lumayu, ora bakal kesandhung.

13Manuta marang pamerdi, aja kokeculake, iku reksanen, marga iya iku uripmu.

14Aja ngambah dalane wong duraka, lan aja tumapak ing lurunge wong ala.

15Dalan iku dohana, aja metu ing kono, nyimpanga lumakua terus,

16awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong;

17awit padha mangan roti pametuning duraka, sarta ngombe anggur pametune ambek siya.

18Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.

19Dalane wong duraka iku kaya pepeteng, padha ora sumurup apa kang marakake kesandhung.

20He anakku, nggatekna tembungku, kupingmu telingna marang apa kang dakucapake:

21kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, simpenen ana ing sajroning telenge atimu;

22awit iku dadi panguripane wong kang nemu, lan dadi kawarasaning badane sakojur.

23Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.

24Cangkem kang cidra singkirna saka ing awakmu, lan lambe kang kablinger buwangen kang adoh.

25Mripatmu kareben terus mandeng mangarep, lan pandelenge mripatmu tansah katujokna mangarsa.

26Metua ing dalan kang rata, sarta sakehe lakumu diajeg.

27Aja menggok mangiwa utawa manengen, sikilmu edohna saka ing piala.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel