Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 5 >> 

Pitutur bab laku jina

1He anakku, nggatekna marang kawicaksananku, kupingmu tilingna marang kapinteran kang dakwulangake,

2supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan, lan lambemu ngemota kawasisan.

3Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu, lan cethake lunyu ngungkuli lenga;

4nanging wekasane pait kaya rempelu, lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,

5tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati.

6Lakune ora metu ing dalaning urip, lakune nasar ora kanthi disumurupi.

7Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku, aja nyimpang saka pituture cangkemku.

8Lakumu ngedohana wong wadon mau, lan aja nyedhaki lawanging omahe,

9supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya, lan umurmu marang kang ambek siya;

10supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu, lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,

11lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat, yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;

12sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh,

13yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku, lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku?

14Meh bae aku kejlungup ing sawernaning bilai ana ing satengahing pasamuwan lan pakumpulan.”

15Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe, ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul.

16Apa pantes manawa sumbermu luber kaya kalen-kalen menyang ing ara-ara.

17Iku mung dadia duwekmu dhewe, aja nganti ana wong kang melu nduweni.

18Sendhangmu muga diberkahana, bungaha karo somahmu jaka-lara.

19Menjangan kang manis, kidang kang ayu muga susune iku tansah maremake kowe, muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.

20He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?

21Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.

22Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe.

23Wong iku mati, marga ora oleh pamerdi, lan kesasar marga saka bangeting bodhone.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel