Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 18 >> 

Bildad mratelakake, yen wong duraka iku mesthi bakal katumpes

1Ing kono Bildad, wong Suah banjur mangsuli, calathune:

2“Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung; pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.

3Yagene aku kok padha dianggep kewan? Yagene aku padha kokanggep bodho?

4Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?

5Ewasamono pepadhange wong duraka bakal kapatenan, lan urubing genine ora tetep sumunar.

6Pepadhang ing sajroning tarube dadi peteng, lan diyane kang ana ing dhuwure mati.

7Jangkahe kang santosa kaalang-alangan, lan panimbange dhewe njalari tibane,

8awit sikile dhewe marakake klebu ing jaring, lan lakune liwat ing tutuping luwangan pasangan.

9Tungkake kena ing kala, lan lakune banjur kandheg marga klebu ing jiret.

10Jalaran kapasangan tali kang kapendhem ing lemah, dalan kang diliwati dipasangi kala.

11Ing saparan-parane tansah katempuh lan kaoyak ing pagiris,

12tansah dadi idham-idhamaning kasangsaran, lan karusakan nganti-anti marang tibane.

13Kuliting awake kamangsa ing lelara, malah gegelitaning awake padha kamangsa ing pambareping pati.

14Dheweke diseret saka ing tarube, -- mangka iku panggonan kang nentremake -- banjur kagawa menyang ing ratuning pagiris.

15Kang ana ing tarube mung kari apa kang ora ana gegayutane karo dheweke; papan padunungane kasawuran wlirang.

16Oyode ing ngisor padha garing, lan pange ing dhuwur padha alum.

17Pangeling-eling tumrap dheweke sirna saka ing bumi, ana ing dalan-dalan jenenge wus ora kasebut.

18Dheweke ditundhung saka ing pepadhang menyang ing pepeteng, lan kabengkas saka ing donya,

19ora bakal nduwe anak utawa putu ana ing satengahe bangsane, lan wong siji bae ora ana kang lestari urip ana ing papan panggonane.

20Wong-wong Kulon bakal gumun ing bab patine, lan wong-wong Wetan bakal padha wedi.

21Iya kaya mangkono iku tinemune papan panggonane wong kang lakune nasar, lan iya kaya mangkono iku kadadeane papan padunungane wong kang ora nganggep marang Gusti Allah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel