Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 23 >> 

Ayub kapengin ngembani prakarane ana ing ngarsane Gusti Allah

1Nanging Ayub mangsuli, pangucape:

2“Saiki pasambatku dadi pambalela, astane menet aku, satemah aku sesambat.

3Ah, muga aku bisa sumurup kapriye anggonku ketemu kalawan Panjenengane, lan diparengake sowan marang ing daleme.

4Aku banjur bakal njlentrehake prakaraku ana ing ngarsane, lan cangkemku bakal dakkebaki atur panjawab.

5Aku mesthi bakal nyumurupi wangsulan-wangsulan kang diparingake marang aku, sarta aku bakal mangreti, apa kang dipangandikakake marang aku.

6Apa Panjenengane kang asipat Mahakwaos iku karsa prakaran kalawan aku? Ora, Panjenengane mesthi bakal ngudaneni aku.

7Wong kang jujur iku kang bakal nglawan padu ana ing ngarsane, lan aku mesthi bakal uwal babar pisan saka ing Hakimku.

8Manawa aku lumaku mangetan, panjenengane ora ana ing kana, utawa mangulon, aku ora mrangguli Panjenengane.

9Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal; genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.

10Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku; manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.

11Sikilku tetep ndherekake tindake, aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.

12Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak; dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.

13Nanging Panjenengane ora tau ewah -- Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane? Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.

14Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku, lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.

15Mulane atiku gumeter ana ing ngarsane, manawa iku kabeh dakpikir, aku banjur wedi banget marang Panjenengane.

16Gusti Allah wus damel aku semplah Kang Mahakuwasa wus damel atiku gemeter,

17sabab aku sirna ora marga saka pepeteng, lan uga ora marga saka raiku katutupan ing peteng ndhedhet.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel