Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 26 >> 

Ayub mangsuli: Sapa kang mangreti marang kamulyaning Allah?

1Ayub mangsuli, pangucape:

2“Becik banget anggonmu mitulungi marang wong apes, sarta anggonmu mbiyantu wong kang tangane tanpa daya.

3Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksanan lan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!

4Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa, lan pikirane sapa kang koklairake iku?

5Para kang wus mati padha gumeter mangkono uga banyu dalah saisine.

6Jagade wong mati ngegla ana ing ngarsaning Allah, lan papaning pati iya ora ana tutupe.

7Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung, lan nggantung bumi tanpa canthelan.

8Banyu kabuntel ing mendhunge, ewasamono mendhunge ora suwek.

9Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawang marga kaaling-alingan ing mendhunge.

10Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengan nganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.

11Saka-sakaning langit padha gonjang-ganjing kaget marga saka bebendune.

12Sagara disirepake sarana pangwasane, sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.

13Sarana napase langit kadadekake terang, tuwin naga kang cukat tinuwek dening astane.

14Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine, saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane! Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel