Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 38 >> 

PARING WANGSULANE GUSTI ALLAH MARANG AYUB; Pangwasaning Pangeran ing sajroning alam jembar

1Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane:

2“Sapa ta kang gawe petenging pepesthen kalawan pangucap kang tanpa pamikir?

3Mara rumantia dikaya wong lanang! Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.

4Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa sira mangreti!

5Sapa kang nemtokake ukurane -- Sira rak sumurup? -- Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?

6Pilar-pilare tumancep ing ngendi lan sapa kang masang watu pojokan,

7ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak?

8Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangan nalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba,

9nalika Sunkaryakake mega minangka sandhangane tuwin pepeteng minangka gegedhonge;

10nalika Ingsun nemtokake watese, sarta masang slarak lan lawang;

11nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat, ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak!

12Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-raina lan mrenahake bangbang wetan,

13supaya padha nyekel poncoting bumi sarta ngebutake wong duraka?

14Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap, samubarang kabeh awujud kaya busana.

15Para wong duraka padha kailangan pepadhange, tangan kang kaacungake katugel.

16Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagara lan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya?

17Apa gapuraning pati wus padha katon marang sira sarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan?

18Apa sira mangreti jembaring bumi? Caritakna, manawa sira wus nyumurupi iku kabeh!

19Ana ing ngendi dalan kang anjog ing papan padununganing pepadhang, lan ana ing ngendi prenahe pepeteng,

20supaya sira banjur bisa mrenahake ana ing wewengkone dhewe-dhewe lan nyumurupi dalan-dalan kang anjog ing padunungane?

21Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair, lan wus akeh cacahing dinanira!

22Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju, sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil,

23kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan, kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang?

24Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang, lan papan pencaring angin ing salumahing bumi?

25Sapa kang karya ilen-ilening udan deres lan dalan kanggo kilating gludhug,

26supaya tanah kang ora dienggoni ing wong lan ara-ara kang suwung padha kodanan;

27sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawaregan apadene suket-suket padha thukul seger?

28Apa udan iku ana bapakne? Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun?

29Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa, lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake?

30Banyu njendhel nganti kaya watu, lan lumahing samodra dadi atos.

31Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh, lan nguculi bebandaning lintang Wluku?

32Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane, lan nuntun lakune lintang Prau saanak-anake?

33Apa sira nyumurupi pranataning langit sarta netepake anggone mrentah ana ing bumi?

34Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega, temah sira banjur kebanjiran?

35Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberan kalawan calathu marang sira: Sandika?

36Sapa kang ndunungake kawicaksanan ana ing mega utawa sapa kang paring budi marang mendhung?

37Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan, lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit,

38nalika lebu njendhel dadi logam tuwin prongkalan lemah padha lelengketan dadi siji?

39(39-1) Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon, lan bisa maremake marang singa enom,

40(39-2) manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane manawa padha ndingkik ana ing grumbulan?

41(39-3) Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel