Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 41 >> 

Rumpakan bab baya

1(40-20) “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali?

2(40-21) Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge, utawa nyublesake gantholan ing uwange.

3(40-22) Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira, utawa bisa calathu alus marang sira?

4(40-23) Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira, temah banjur sira dadekake batur ing salawase?

5(40-24) Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk, sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?

6(40-25) Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak, utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?

7(40-26) Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok, utawa endhase kalawan cempuling?

8(40-27) Tanganira sira tumpangna ing endhase! Elinga marang anggone tarung! -- Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!

9(40-28) pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi. Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk.

10(41-1) Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?

11(41-2) Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.

12(41-3) Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane.

13(41-4) Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?

14(41-5) Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.

15(41-6) Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel.

16(41-7) Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin;

17(41-8) kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah.

18(41-9) Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan.

19(41-10) Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik.

20(41-11) Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.

21(41-12) Ambekane ngobong areng, cangkeme metu genine.

22(41-13) Githoke kadunungan kakuwatan, pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.

23(41-14) Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket. kraket ing awake ora glembyar-glembyor.

24(41-15) Atine atos kaya watu, atose kaya watu landhesaning panggilingan.

25(41-16) Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter dadi bingung jalaran wedi.

26(41-17) Manawa dipedhang ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.

27(41-18) Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk.

28(41-19) Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.

29(41-20) Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu.

30(41-21) Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.

31(41-22) Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil, sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.

32(41-23) Tabeting lakune sumunar, satemah samodra kakira uwan dening wong.

33(41-24) Ing salumahing bumi ora ana kang madhani, iku makhluk kang ora kadunungan wedi.

34(41-25) Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.”



Studi Alkitab dengan AI: Chat dengan Alkitab GPT.

Studi lengkap, silahkan lihat: Alkitab SABDA.
Dengar dan baca Alkitab Karaoke, silahkan kunjungi: Alkitab Karaoke.
Rencana Multimedia Baca Alkitab: BaDeNo.

 <<  Ayub 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Keesaan
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Alkitab GPT
Bantuan
Dual Panel Dual Panel