Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 42 >> 

Ayub nyeled tembung-tembunge lan nlangsa ana ing ngarsane Gusti Allah

1Ing kono Ayub banjur ngunjukake wangsulan marang Sang Yehuwah, ature:

2“Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.

3Paduka ndangu makaten: Sapa kang nutupi pepesthen tanpa kawruh? Sampun tetela bilih anggen kawula cariyos punika tanpa pangretosan. Ingkang boten ginayuh ing pikiran kawula punika kawula cariyosaken.

4Paduka dhawuh: Rungokna, Ingsun bakal paring pangandika; Sira arep Sundangu, sira ngaturana wangsulan!

5Anggen kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang, nanging sapunika kawula ningali Paduka kalayan mripat kawula piyambak.

6Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”

Kaanane Ayub kapulihake

7Kacarita sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandika ing dhuwur mau marang Ayub, banjur ngandika marang Elifas, wong Teman, mangkene: “BebenduningSun mulad-mulad marang sira lan marang mitranira sakarone, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.

8Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.”

9Elifas wong Teman, Bildad wong Suah, lan Zofar wong Naama banjur padha nindakake kaya sadhawuhe Sang Yehuwah mau sarta Sang Yehuwah karsa midhangetake pandongane Ayub.

10Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane, sawise ndongakake mitrane mau sarta diparingi tikele kang wus dadi duweke ing maune.

11Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.

12Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.

13Anake kang lanang pitu lan kang wadon telu.

14Anake wadon mau kang dhisik dijenengake Yemima, kang kapindho Kesia, lan kang katelune Keren-hapukh.

15Ing sanagara ora ana wong wadon kang ayune kaya anak-anake Ayub, kabeh padha dipandumi warisan dening bapakne padha kaya sadulure lanang.

16Sawuse kelakon kang kasebut ing dhuwur iki, Ayub kaganjar umur maneh satus patang puluh taun sarta menangi anak-putu nganti patang turunan.

17Patine Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggone ngrasakake uripe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel