Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 9 >> 

Ayub mangsuli: Ora ana wong kang bisa ngalahake Gusti Allah

1Ing kono Ayub mangsuli, pangucape:

2“Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono, kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah?

3Saupama Gusti Allah karsa mabeni, ing sewu prakara saprakara bae mesthi ora bisa ngunjuki wangsulan.

4Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane, kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?

5Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong, lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;

6ngingser bumi saka ing panggonane, satemah saka-sakane padha gonjing,

7srengenge diwaleri, temah ora mlethek; lintang-lintang dikurung kalawan disegel;

8Gusti Allah piyambak kang mbeber langit, kang nglangkahi alune sagara,

9kang nitahake lintang Prau, lintang Wluku lan lintang Wuluh, apadene lintang-lintang ing kidul;

10kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan; sarta kaelokan tanpa wilangan.

11Manawa Panjenengane langkung ing sandhingku, aku ora sumurup, lan manawa lumampah aku ora ndeleng.

12Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa? Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika?

13Gusti Allah ora mekak bebendune, para pambantune Rahab padha tumelung ana ing ngarsane.

14Apamaneh aku, kapriye bisaku madoni Panjenengane, utawa milih tembung kanggo nglawan marang Panjenengane?

15Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab, malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku.

16Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;

17Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara, sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab,

18kang ora marengake aku unjal ambekan, nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir.

19Manawa bab karosan, Panjenengane iku kang kagungan. Manawa bab kaadilan, sapa kang bisa nggugat Panjenengane?

20Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku; sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.

21Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku, aku ora ngetung uripku.

22Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku: Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.

23Manawa cemethine dumadakan memateni, Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.

24Bumi wus kapasrahake marang wong duraka, hakime jagad ditutupi raine; manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?

25Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat, wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,

26pesating lakune kaya prau glagah, kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.

27Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku, dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,

28punika kawula ajrih dhateng kasisahan kawula sadaya, awitdene kawula sumerep, bilih Paduka boten badhe mastani kawula tanpa kalepatan.

29Kawula temtu katetepaken tiyang duraka, punapa ginanipun kawula ngantos kangelan tanpa wekasan?

30Sanadyan kawula adusa toya salju, sarta wisuha mawi sabun,

31Paduka temtu mblesekaken kawula ing endhutan, lajeng sandhangan kawula sami nganggep jijik dhateng kawula.

32Amarga Panjenengane iku dudu manungsa kaya aku, kang kena dakcaosi panjawab: Sumangga sami sesarengan sowan dhateng ing ngarsaning pangadilan.

33Ora ana juru pamisah, kang numpangake tangan marang kita sakarone!

34Satemah Panjenengane banjur nyingkirake gebage saka ing awakku, sarta aku nuli ora giris ana ing ngarsane.

35Manawa kelakon mangkono, aku iya bakal munjuk ora nganggo wedi, awit aku pancen ora mangkono.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel