Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 2 >> 

Suku-suku Israel padha diprenahake anggone makuwon

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

2“Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.

3Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.

4Balane kang kacacahake iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.

5Sandhinge iku kang makuwon taler Isakhar, pemimpine bani Isakhar yaiku: Netaneel bin Zuar.

6Balane kang kacacahake ana seket papat ewu patang atus.

7Tumuli taler Zebulon, pemimpine bani Zebulon yaiku: Eliab bin Helon.

8Balane kang kacacahake ana seket pitu ewu patang atus.

9Gunggunge bala kang kacacahake ana ing tarube Yehuda, miturut golongane ana satus wolung puluh nem ewu patang atus. Iku samangsa budhal anaa ing ngarep dhewe.

10Panji-panjine taler Ruben ana ing sisih kidul, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Ruben yaiku: Elizur bin Syedeur.

11Balane kang kacacahake ana patang puluh nem ewu limang atus.

12Kang lereb ana ing sandhinge yaiku taler Simeon, kang dadi pemimpine bani Simeon yaiku: Selumiel bin Zurisyadai.

13Balane kang kacacahake ana seket sanga ewu telung atus.

14Nuli taler Gad; kang dadi pemimpine taler Gad yaiku: Elyasaf bin Rehuel.

15Balane kang kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus seket.

16Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Ruben, miturut golongane ana satus seket siji ewu patang atus seket. Iku budhale nomer loro.

17Sawuse iku banjur disambung Tarub Pasewakan karo balane bani Lewi ana ing tengah-tengahe bala liya-liyane. Kaya manawa mbeneri lereb, iya mangkono uga samangsa budhalan, siji-sijine ana ing panggonane dhewe-dhewe miturut panji-panjine.

18Kang ana ing sisih kulon iku panji-panjine taler Efraim, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Efraim yaiku: Elisama bin Amihud.

19Balane kang kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

20Kang ana ing sandhinge taler Manasye, kang dadi pemimpine bani Manasye yaiku: Gamaliel bin Pedazur.

21Balane kang kacacahake iku ana telung puluh loro ewu rong atus.

22Tumuli taler Benyamin, kang dadi pemimpine taler Benyamin yaiku Abidan bin Gideoni.

23Balane kang kacacahake iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

24Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.

25Kang ana ing sisih lor panji-panjine taler Dhan, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Dhan yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.

26Balane kang kacacahake iku ana suwidak loro ewu pitung atus.

27Kang lereb ing sacedhake iku taler Asyer, kang dadi pemimpine taler Asyer yaiku: Pagiel bin Okhran.

28Balane kang kacacahake iku ana patang puluh siji ewu limang atus.

29Banjur taler Naftali, kang dadi pemimpine taler Naftali yaiku: Ahira bin Enan.

30Balane kang kacacahake iku ana seket telu ewu patang atus.

31Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Dhan ana satus seket pitu ewu nem atus. Iku budhale anaa ing buri dhewe, miturut panji-panjine.”

32Samono mau gunggunge wong Israel kang padha kacacahake miturut taler-talere. Sakehe kang kacacahake ana ing tarub miturut golongane kabeh ana nem atus telu ewu limang atus seket.

33Nanging wong Lewi ora kalebu kacacahake bareng karo wong Israel, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

34Wong Israel padha nglakoni apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa; kaya mangkono anggone padha makuwon miturut panji-panjine, lan uga anggone padha budhalan, siji-sijine miturut gotrahe lan talere.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel