Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 20 >> 

Ibu Miryam seda

1Nalika sasi kapisan wong Israel, yaiku wong saumat kabeh, padha tekan ing pasamunan Zin, banjur padha lereb ana ing Kadesy. Ibu Miryam seda ana ing kono lan iya ana ing kono anggone kasarekake.

Dosane Nabi Musa lan Imam Harun

2Ing sawijining dina nalika wong-wong padha ora oleh banyu, banjur padha nglumpuk ngepung Nabi Musa lan Imam Harun,

3sarta padha nglawan marang Musa, ature: “Bok kula inggih sami katuta pejah nalika sadherek kula sami apegat nyawa wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah.

4Kenging punapa pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah panjenengan bekta dhateng pasamunan punika, supados kula sadaya dalah raja-kaya kula sami pejah wonten ing ngriki?

5Kenging punapa kula panjenengan tuntun medal saking Mesir, panjenengan bekta dhateng panggenan ingkang awon kados makaten, panggenan ingkang boten saged dipun sebari wiji, boten wonten witipun anjir, anggur utawi delima, dalah toya ingkang kaombe kemawon inggih boten wonten!”

6Ing kono Nabi Musa lan Imam Harun padha nilar umat mau sarta tindak menyang ing lawangane Tarub Pasewakan, padha sumungkem sujud. Tumuli diketingali ing kamulyane Pangeran Yehuwah.

7Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:

8“Tekenira iku sira jupuka, sira lan kakangira Harun padha nglumpukna umat iku, sarta sira nyalathonana parang iku kanthi kaweruhan ing wong kabeh, temah parange bakal metu banyune. Kaya mangkono iku anggonira ngetokake banyu saka ing parang iku, sarta anggonira aweh ngombe marang umat dalah raja-kayane.”

9Nabi Musa banjur mendhet tekene saka ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan.

10Nabi Musa lan Imam Harun bareng wus nglempakake pasamuwan ana ing sangarepe parang, wong-wong mau padha dipangandikani dening Nabi Musa: “Heh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolehake banyu kanggo kowe saka ing parang iki?”

11Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.

12Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”

13Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.

Raja Edom ora marengake wong Israel liwat ing nagarane

14Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,

15bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.

16Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.

17Mugi paduka marengna kawula sami langkung ing nagari paduka; kawula boten badhe langkung ing pategilan utawi pakebonan anggur paduka, sarta inggih boten badhe ngombe toya ing sumur paduka; kawula namung badhe langkung ing margi ageng kemawon, boten mawi menggok ngiwa utawi nengen, ngantos kawula sami dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

18Nanging wangsulane wong Edom: “Sampeyan boten kenging langkung ing talatah kula, awit temtu badhe kula papagaken kalayan pedhang.”

19Ature wong Israel: “Kawula badhe medal ing margi ageng, saha manawi kawula lan raja-kaya kawula ngantos ngombe toya paduka, badhe kawula aturi sepinten reginipun; panyuwun kawula namung uger kepareng nratas lumampah dharat kemawon, namung punika.”

20Ewasamono wangsulane wong Edom tetep: “Boten kenging sampeyan langkung ing ngriki.” Malah wong Edom banjur padha metu mapagake klawan rakyate lan wadya-bala akeh.

21Sarehne wong Edom kenceng ora nglilani wong Israel liwat ing tlatahe, mulane wong Israel banjur padha nyimpang ninggal wewengkon kono.

Sedane Imam Harun

22Wong Israel saumat kabeh banjur padha budhal saka ing Kadesy, tumuli tekan ing gunung Hor.

23Ana ing sacedhake gunung Hor kono, ana ing tapel-watese tanah Edom, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:

24“Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.

25Harun lan Eleazar padha timbalana, kairida munggah ing gunung Hor.

26Harun tumuli cuculana panganggone lan sira anggokna marang Eleazar anake; dene Harun bakal kakumpulake karo para leluhure lan mati ana ing kono.”

27Nabi Musa banjur nglampahi kaya anggone kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah; padha munggah ing gunung Hor; wong sapasamuwan kabeh padha ndeleng bab iku.

28Imam Harun tumuli dilukari pangagemane dening Nabi Musa lan diagemake marang kang putra Eleazar; Imam Harun tumuli seda ana ing pucake gunung kono. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur padha tedhak saka ing gunung iku mau.

29Wong sapasamuwan kabeh bareng ngerti yen Imam Harun wus seda, tumuli padha nangisi nganti telung puluh dina lawase.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2021
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran