Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 24 >> 

1Bareng Bileam ngreti yen anggone mberkahi marang Israel iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, mulane wus ora nindakake panenungan maneh kaya kang dhisik-dhisik, nanging tumuli madhep marang pasamunan.

2Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.

3Tumuli medharake kidunge, pangucape: “Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor, pangucape wong kang kaawasake mripate.

4Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa kambi lumah-lumah, nanging kabuka mripate.

5Saiba endahe tarub-tarubmu, he Yakub, iya papan padununganmu, he Israel.

6Kayadene lebak kang gumelar enggone mratani, kaya patamanan ing sapinggiring kali, kaya wit garu kang katanem dening Pangeran Yehuwah, kaya wit eres ing pinggiring banyu.

7Timbane luber banyune, lan winihe kasiraman ing banyu akeh, kaluhurane rajane bakal ngungkuli Agag, lan karajane bakal kamulyakake.

8Gusti Allah kang ngentasake saka ing tanah Mesir, iku tumrap bani Israel kayadene sungu kakuwataning bantheng, bangsa kang dadi mungsuhe padha kamangsa nganti entek, lan balunge padha karemuk, sarta bakal padha ketaman ing panahe nganti tembus.

9Lagi mendhak njerum kaya singa lanang, iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake? Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah, lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”

Pamedhar-wangsite Bileam

10Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;

11saiki, kowe minggata menyang panggonanmu; aku wus janji marang kowe, yen kowe masthi dakganjar akeh banget, nanging Pangeran Yehuwah kang malangi ganjaranmu iku.”

12Ature Bileam marang Sang Balak: “Utusan panjenengan dalem rak sampun kawula sanjangi, wosipun:

13Sanajan Sang Prabu Balak maringna kedhatone kebak emas lan salaka pisan, ewadene aku ora wani nerak kang dadi dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah, dadia bab nglakoni kang becik utawa kang ala saka atiku dhewe; endi kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, yaiku kang bakal dakucapake.

14Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”

15Bileam tumuli medharake kidunge, mangkene: “Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor, pangucape wong kang kaawasake mripate.

16Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, lan kang nampani kawruh ing ngatase Kang Mahaluhur, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa, kambi lumah-lumah, nanging klawan kabuka mripate.

17Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.

18Tanah Edom bakal dadi reh-rehane, lan Seir bakal dadi reh-rehane para mungsuhe iku. Nanging Israel bakal nindakake prakara-prakara kang nelakake gagah prakosane.

19Sarta saka Yakub bakal ana wong kang kwasa, kang bakal numpes para kang padha oncat saka ing kutha.”

20Bareng ndeleng wong Amalek, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene: “Wiwitane para bangsa iku Amalek, nanging wekasane bakal ngalami rusak.”

21Bareng ndeleng wong Kain, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene: “Santosa papan padununganmu, susuhmu dumunung ana ing parang.

22Nanging wong Keni bakal tumpes, ora antara suwe kowe bakal diboyong dening Asyur.”

23Dheweke uga medharake kidung mangkene: “Adhuh, cilaka! Sapa kang bisa urip, samangsa Gusti Allah nindakake iku mau?

24Nanging bakal ana prau-prau saka pasisire wong Kitim, kang bakal padha nindhes Asyur lan Heber, mangka iku iya bakal nemahi karusakan uga.”

25Sawuse mangkono Bileam banjur ngadeg, mangkat mulih menyang ing panggonane; sarta Sang Prabu Balak iya tindak uga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel