Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 25 >> 

Israel nyembah Baal-Peor

1Nalika bangsa Israel lagi padha lereb ana ing Sitim, bangsa iku banjur wiwit laku jina karo para wong wadon Moab.

2Wong wadon mau padha ngajak wong Israel ngepung kurban sembelehan kanggo allahe, bangsa mau banjur melu mangan kurban iku lan sujud marang allahe wong-wong iku.

3Nalika Israel gegandhengan karo Baal-Peor, bebendune Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang Israel.

4Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”

5Nabi Musa banjur ngandika marang para hakim Israel: “Kowe padha matenana wong-wongmu kang wus gegandhengan karo Baal-Peor.”

6Kapinujon ana sawijining wong Israel kang teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang satengahe para sadulure, kapirsanan dening Nabi Musa lan kaweruhan dening sagolongane wong Israel kabeh kang lagi padha nangis ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

7Bareng Pinehas bin Eleazar putrane Imam Harun weruh lelakon iku, sanalika banjur ngadeg saka ing satengahe pakumpulan karo nyekel tumbak,

8nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.

9Anadene mungguh wong kang wus padha mati kena ing wewelak iku cacahe ana patlikur ewu.

10Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

11“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.

12Mulane kabeh padha sira kandhanana: Lah Pinehas iku Sunparingi prajanjian kaslametan kagunganingSun,

13minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”

14Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,

15lan wong wadon bangsa Midian kang dipateni iku jenenge Kozbi anake Zur; Zur iku sawijining panggedhene golongan -- yaiku kulawangsa -- ing Midian.

16Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

17“Wong Midian iku padha sira lurugana lan padha sira patenana,

18marga wus padha nglawan marang sira sarana akal kang dirancang tumrap marang sira, ing bab Peor lan ing bab Kozbi, sadulure wadon, yaiku anake wadon sawijining panggedhene bangsa Midian; Kozbi iku dipateni mbarengi wewelak kang jalaran saka Peor iku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel