Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 3 >> 

Bab wong Lewi

1Iki tedhake Rama Harun lan Nabi Musa ing nalikane Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai.

2Asmane para putrane Rama Harun, kang pambajeng Nadab, banjur Abihu, Eleazar lan Itamar.

3Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.

4Nanging Nadab lan Abihu wus ngajal ana ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing pasamunan ing Sinai, nalika padha nyaosake geni kang ora samesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha ora duwe turun. Mulane Eleazar lan Itamar kang nindakake kaimaman nalika Rama Harun, kang rama, isih sugeng.

5Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

6“Taler Lewi padha dhawuhana maju lan ngadhep marang Imam Harun, supaya padha ngladenana.

7Iku padha netepana kuwajibane kang tumrap marang Harun lan kanggo para umat Israel kabeh ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

8Iku padha rumeksaa marang sakehe pirantine Tarub Pasewakan, sarta padha netepana kuwajibane kang tumrap marang wong Israel, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

9Wong-wong Lewi iku padha kapasrahna marang Harun lan para anake; saka ing antarane wong Israel wong-wong mau padha kapasrahna babar pisan marang Harun.

10Dene mungguh Harun lan anak-anake iku sira pataha ngimami, dene wong liya kang nyedhak kaukuma pati.”

11Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

12“Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,

13awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”

14Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai:

15“Wong bani Lewi iku padha cacahna miturut kula-wangsane lan miturut gotrahe; sakehe kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur, iku padha kacacahna kabeh.”

16Nabi Musa banjur nacahake bani Lewi miturut pangandikane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan mau.

17Iki asmane para putrane Rama Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.

18Iki asmane putrane Rama Gerson miturut gotrahe: Libni lan Simei.

19Para putrane Rama Kehat miturut gotrahe, yaiku: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

20Iki putrane Rama Merari miturut gotrahe: Makhli lan Musi. Yaiku gotrah-gotrahe para bani Lewi miturut kula-wangsane.

21Rama Gerson nurunake bani Libni lan bani Simei; yaiku gotrahe bani Gerson.

22Cacahe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku, kaetung ana pitung ewu limang atus.

23Gotrahe bani Gerson iku anggone padha manggon ana ing saburine Tarub Suci ing iring kulon.

24Kang dadi pemimpine kulawangsane bani Gerson iku: Elyasaf bin Lael.

25Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26geber ing plataran lan wrananing plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, tali-taline, lan liya-liyane kang magepokan karo sakabehe mau.

27Kang kalebu kula-wangsane Rama Kehat yaiku bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel; yaiku gotrahe bani Kehat.

28Sagolongane kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur nalika kacathetan cacahe ana wolung ewu nem atus, iku padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

29Gotrahe bani Kehat iku anggone lereb ana ing sakidule Tarub Suci.

30Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Kehat iku: Elisafan bin Uziel.

31Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.

32Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

33Kang kalebu kula-wangsane Rama Merari yaiku bani Makhli lan bani Musi; yaiku gotrah-gotrahe Rama Merari.

34Sagolongane kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur nalika dicatheti cacahe ana nem ewu rong atus.

35Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Merari iku: Zuriel bin Abihail. Pakuwone ana ing salore Tarub Suci.

36Bubuhane para bani Merari iku: ngopeni blabage Tarub Suci, kendhite, sakane dalah ompake sarta sakehe pirantine, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh;

37uga cagake plataran mubeng dalah ompake, pathoke lan tali-taline.

38Kang lereb ana ing ngarepe Tarub Suci ing sisih wetan, ing sangarepe Tarub Pasewakan, Nabi Musa lan Rama Harun saputra-putrane, kang padha nglakoni bubuhan rumeksa pasucen kanggo wong Israel; mangka wong liya kang nyedhak iku mesthi kaukum pati.

39Sakehe wong bani Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa miturut dhawuhe Sang Yehuwah, manut gotrahe, kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku ana rolikur ewu.

40Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira nacahna sakehe anak lanang pambarep Israel kang umure sasasi sapandhuwur, padha kaetunga gunggunge,

41Ingsun pilihna wong-wong Lewi -- Ingsun iki Yehuwah -- dadia gantine sakehe anake pambarepe wong Israel, lan raja-kayane wong Lewi dadia lirune sakehe pambarep ing antarane raja-kayane wong Israel.”

42Nabi Musa banjur nacahake sakehe anake pambarep wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang panjenengane.

43Sakehe anak pambarep lanang kang umur sasasi sapandhuwur kang padha kacathetan jenenge, cacahe ana rolikur ewu rong atus pitung puluh telu.

44Sang Yehuwah banjur ngandika marang Musa:

45“Ingsun pundhutna wong Lewi dadia gegentine sakehe anak pambarepe wong Israel, lan uga raja-kayane wong Lewi lirune raja-kayane wong Israel; wong Lewi iku dadia kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.

46Minangka panebuse para pambarepe wong Israel kang rong atus pitung puluh telu, kang cacahe ngluwihi wong bani Lewi iku,

47saben wong siji sira dhawuhana setor dhuwit limang atus sekel, miturut sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gerah.

48Dhuwit iku sira tampakna marang Harun lan para anake minangka tebusane wong-wong kang keluwihen iku.”

49Nabi Musa banjur mundhut dhuwit tebusan tumrap wong-wong kang cacahe keluwihen tinimbang kang wus ditebus dening para wong Lewi mau,

50dhuwit iku mau kapundhut saka para pambarepe wong Israel, gunggung sewu telung atus suwidak lima sekel, miturut timbangan sekel suci.

51Dhuwit tebusan iku nuli ditampakake Nabi Musa marang Imam Harun lan para putrane nocogi pangandikaning Yehuwah, kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel