Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 30 >> 

Bab punagine wong wadon

1Nabi Musa ngandika marang para pemimpine talere Israel mangkene: “Iki prakara kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

2Manawa ana wong lanang nglairake punagi utawa nglairake sumpah marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara, mulane aja nganti nerak janjine; apa kang wus diucapake iku kudu ditetepi.

3Balik manawa wong wadon kang nglairake punagi marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara ana ing omahe bapakne, yaiku sajrone isih prawan.

4Mangka bapakne mau krungu punagine lan janjine, nanging bapakne mau ora kandha apa-apa marang anake mau; manawa mangkono apa sapunagine kabeh mesthi tetep lan apa bae kang dadi janjine iya mesthi tetep.

5Nanging saupama bapakne nalika krungu bab iku nuli ngelikake, dadi apa sapunagine lan apa kang dadi kasaguhane iku ora kanggo, sarta bakal diapura dening Pangeran Yehuwah, marga wus dielikake dening bapakne.

6Nanging manawa wong wadon mau omah-omah, mangka isih duwe punagi utawa salah sawijining janji kang diucapake klawan tanpa dipikir lan kang nencang marang wong iku,

7lan somahe iya krungu bab iku, mangka meneng bae nalika krungu mau, dadi punagine mesthi tetep lan kasaguhane kang nencang iku iya tetep.

8Nanging saupama somahe nalika krungu bab iku tumuli ngelikake, iku mbatalake punagi lan janji kang diucapake dening kang wadon klawan tanpa dipikir mau, lan kang nencang bojone iku, dene Pangeran Yehuwah bakal paring pangapura marang bojone.

9Mungguh punagine randha utawa wong wadon kang kapegat, kabeh kang nencang dheweke, iku tetep ana ing awake.

10Dene manawa ana wong wadon ana ing omahe banjur nglairake punagi utawa nglairake janji klawan sumpah,

11mangka lakine krungu, nanging meneng bae lan ora ngelingake, dadi apa sapunagine kabeh mesthi tetep, lan apa bae kang dadi janjine wong wadon iku mesthi tetep.

12Balik saupama bojone nalika krungu mau tumuli mbatalake prakara iku kalawan keras, apa kang wus diucapake dening kang wadon, iya punagine iya kasaguhane iku batal, wus dibatalake dening bojone, sarta kang wadon bakal diapura dening Pangeran Yehuwah.

13Sadhengah punagine wong wadon lan sadhengah janjine kalawan sumpah, arep ngesorake awake kalawan pasa, iku bojone kang wenang netepake, lan iya bojone kang wenang mbatalake.

14Nanging manawa bojone sadina-dina mung tansah meneng bae, iku dadine wus netepake sakehe punagine kang wadon, utawa sakehe kasaguhane kang dadi sanggane kang wadon mau. Anggone netepake iku, marga nalika krungu bab iku meneng bae.

15Nanging manawa anggone mbatalake mau let sawatara dina karo krungune, kang lanang kang bakal nyangga kaluputane kang wadon.”

16Iku mau pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, yaiku ing antarane wong lanang lan somahe, sarta ing antarane bapa karo anake wadon kang isih prawan ana ing omahe bapakne.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel