Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 34 >> 

Wates-watese tanah Kanaan

1Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira kandhaa marang wong Israel lan sira tutura mangkene: Samangsa sira padha lumebu ing tanah Kanaan, nuli kang masthi bakal dadi darbekira yaiku tanah Kanaan miturut wates-watese.

3Anadene watese tanahira kang sisih kidul iku wiwit saka ing pasamunan Zin ing saurute tanah Edom; dadi watese kang sisih kidul iku ing sisih wetan wiwit ing pungkasane Tlaga Pauyahan.

4Saka ing kono tapel-watese tanahira menggok ing sakidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus tekan ing Zin, lan pantoge ana ing sakidule Kadesy-Barnea, banjur terus menyang ing Hazar-Adar, lan terus nganti tekan ing Azmon.

5Saka ing Azmon, watese nuli menggok menyang ing kali Mesir, lan terus nganti tekan ing sagara.

6Mungguh tapel-watese tanahira kang sisih kulon sagara gedhe dalah pasisire, yaiku kang dadi tapel-watesira kang sisih kulon.

7Dene tapel-watesira kang sisih lor iku: wiwit saka ing sagara gedhe mau watese kaenerna tekan ing gunung Hor,

8saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.

9Tapel-wates mau banjur terus tekan ing Zifron, nganti notog ing Hazar-Enan; iku tapel-watesira kang sisih lor.

10Anadene tapel-watese kang sisih wetan iku kaenerna saka Hazar-Enan mau tekan ing Sefam.

11Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.

12Watese iku nuli mudhun maneh nganti tekan ing bengawan Yarden lan terus nganti tekan ing Tlaga Pauyahan. Yaiku nagaranira miturut tapel-watese mubeng.”

Bab pangedume tanah Kanaan

13Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.

14Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.

15Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”

16Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

17“Iki jenenge wong kang kudu padha ngedum tanah mau marang sira minangka tanah pusaka, yaiku Imam Eleazar lan Yusak bin Nun.

18Karomaneh saka saben taler mataha pemimpin siji kang ngrewangi ngedum tanah iku dadi tanah pusaka.

19Iki jenenge wong-wong mau: saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;

20saka talere bani Simeon: Samuel bin Amihud;

21saka taler Benyamin: Elidad bin Kislon;

22saka talere bani Dhan sawijining pemimpin: Buki bin Yogli;

23saka turune Yusuf, kang saka talere bani Manasye sawijining pemimpin: Haniel bin Efod;

24lan saka talere bani Efraim sawijining pemimpin: Kemuel bin Siftan;

25saka talere bani Zebulon sawijining pemimpin: Elisafan bin Parnakh;

26saka talere bani Isakhar sawijining pemimpin: Paltiel bin Azan;

27saka talere bani Asyer sawijining pemimpin: Akhilud bin Selomi;

28saka talere bani Naftali sawijining pemimpin: Pedael bin Amihud.

29Iku mau wong-wong kang padha kakarsakake dening Sang Yehuwah ngedum tanah pusaka marang wong Israel ana ing tanah Kanaan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel