Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 5 >> 

Pranatan bab wong kang najis

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira mrentahana marang wong Israel, supaya saben wong kang nandhang lara saraat, wong kang ngetokake umbel lan kang nggrajag getih, apadene kang najis marga saka jisim, padha kawetokna saka ing palereban,

3lananga wadona padha kawetokna, iya sira wetokna menyang ing sajabane palereban, supaya aja nganti ndadekake najise pakuwon kang Sundalemi.”

4Wong Israel banjur iya padha nglakoni kaya mangkono, wong-wong mau padha diwetokake saka ing palereban; apa sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake dening wong Israel.

Bab tatanan nebus kaluputan

5Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

6“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,

7iku ngakonana dosane kang wus dilakoni mau, banjur mbayara tebusane kabeh kawuwuhana sapralimane, kawenehna marang wong kang ditanduki kaluputan.

8Nanging saupama wong iku wus ora duwe sanak kang wajib nampani tebusaning kaluputan mau, ing kono tebusan kaluputan kang kudu kabayar iku dadi kagungane Sang Yehuwah, lan dadi pandumaning imam; iku durung kalebu wedhus gibas lanang karukunan kang dianggo nganakake karukunan tumrap wong mau.

9Mungguh pisungsung-pisungsung suci kang kapasrahake wong Israel marang imam iku, pisungsunge mligi dadia pandumaning imam.

10Dene pisungsung suci, kang digawa dening wong, iku pandumane wong iku dhewe; mung apa kang kawenehake dening wong marang imam, iku dadi pandumane imam iku.”

Pranatan tumrap prakara kasujanan

11Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

12“Sira kandhaa marang wong Israel, padha tuturana: Manawa ana somahe wong kang laku ngiwa dadi ora setya marang kang lanang,

13marga wong wadon iku ditunggal turu wong lanang liya, mangka bojone ora ngreti, awit anggone gawe kuceming awake iku digawe wadi, ora ana seksine, satemah ora konangan;

14saupama kang lanang banjur kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa marang kang wadon, mangka wong wadon mau dhasar nyata wus gawe kuceme awake, utawa manawa kang lanang katuwuhan rasa sujana, nganti ndakwa kang wadon, sanadyan kang wadon mau ora gawe kuceming awake,

15ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.

16Imam tumuli ngakona wong wadon iku maju, disebakna ing ngarsane Sang Yehuwah.

17Imam tumuli nggawaa banyu suci diwadhahi genthong lemah, sarta njupuka lebu kang ana ing jrambahe Tarub Suci, dicemplungna ing banyu mau.

18Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.

19Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;

20balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --

21ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,

22marga banyu kang malati iki bakal manjing ing awakmu, ndadekake busunge wetengmu lan cilike pupumu. Wong wadon mau banjur ngucapa: Amin, amin.

23Imam banjur nulisa ipat-ipat iku mau ana ing dluwang lan banjur ngilangana tulisan iku klawan banyu pait iku,

24banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.

25Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.

26Kurban dhaharan mau dijupuka sagegem dening imam minangka pisungsung pangeling-eling lan diobonga ana ing misbyah, sawuse mangkono banyune tumuli kaombekna marang wong wadon iku.

27Sawuse mangkono, manawa wong wadon iku nyata jember lan ora setya marang bojone, mesthi banjur kelakon banyu kang malati mau bakal manjing ing awake, sarta njalari lara banget, temah wetenge dadi busung lan pupune dadi cilik. Sabanjure wong wadon iku bakal nandhang ipat-ipat ana ing satengahing bangsane.

28Balik manawa wong wadon iku ora gawe kuceming awake, nanging resik, mesthi bakal kalis lan bakal duwe anak.”

29Kaya mangkono angger-angger tumrap kasujanan, manawa ana wong wadon kang laku sedheng lan gawe jembering awake, mangka kawengku ing bojone,

30utawa manawa wong lanang kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa somahe laku sedheng, kang wadon nuli kasebakna marang ngarsane Pangeran Yehuwah sarta imam nindakna pranatan iku kabeh marang wong wadon mau.

31Kang lanang bakal ora kaluputan, nanging kang wadon kang nanggung wohing kaluputane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel