Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 7 >> 

Pisungsung nalika ngresmekake Tarub Suci

1Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone ngadegake Tarub Suci, sarta wus dijebadi lan disucekake dalah saprabote, apadene misbyah sapirantine iya wus dijebadi lan disucekake, lan sawuse iku kabeh padha dijebadi lan disucekake,

2para pemimpine Israel, para panggedhene sukune banjur padha nyaosake pisungsung. Wong-wong iku kang dadi pangarepe taler kang mimpin nalika dianakake cacah-jiwa.

3Iku padha ngladekake pisungsung marang ngarsane Sang Yehuwah arupa kreta nem kang mawa tendha lan sapi rolas. Saben pemimpin loro kreta siji, lan sapi niji, tumuli padha diladekake menyang ngarepe Tarub Suci.

4Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

5“Kabeh iku sira tampanana, kagawea ngladeni ayahan ing Tarub Pasewakan; kabeh iku katampakna marang wong Lewi, miturut kapreluaning bubuhane dhewe-dhewe.”

6Nabi Musa banjur nampeni kreta-kreta lan sapi-sapi mau, sarta tumuli diparingake marang para wong Lewi;

7kreta loro lan sapi papat diparingake marang bani Gerson, miturut kapreluaning pagaweane,

8kreta kang papat lan sapine wolu diparingake marang bani Merari, miturut karo kapreluaning pagaweane kang dipimpin dening Itamar, putrane Imam Harun.

9Nanging para bani Kehat ora diparingi, sabab iku padha kabubuhan rumeksa barang-barang kang suci, kang pangusunge kudu dipikul.

10Ing nalika misbyah kajebadan, para pemimpin mau padha ngladekake pisungsung kang kanggo ngresmekake misbyah; anggone ngajokake pisungsung iku ana ing ngarepe misbyah mau.

11Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Saben dina anaa pemimpin siji kang ngladekake pisungsunge kanggo memulya misbyah iku.”

12Kang ngladekake pisungsunge ing dina kapisan iku Nahason bin Aminadab, saka taler Yehuda.

13Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

14piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

15apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas siji kang umur setaun, padha kanggo kurban obaran,

16wedhus berok lanang siji, kanggo kurban pangruwating dosa;

17lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau pisungsunge Nahason bin Aminadab.

18Ing dina kang kapindho kang ngladekake: Netaneel bin Zuar, pemimpine taler Isakhar.

19Pisungsunge kang diladekake arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

20piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

21apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun, padha kanggo kurban obaran;

22wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

23lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Netaneel bin Zuar.

24Ing dina kang katelu: pemimpine bani Zebulon, yaiku: Eliab bin Helon.

25Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

26piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

27sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

28wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

29lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Eliab bin Helon.

30Ing dina kang kaping papat: pemimpine bani Ruben, yaiku Elizur bin Syedeur.

31Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

32piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

33sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

34wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

35lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elizur bin Syedeur.

36Ing dina kang kaping lima: pemimpine bani Simeon, yaiku Selamuel bin Zurisyadai.

37Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

38piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

39sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran;

40wehdus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

41lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Selamuel bin Zurisyadai.

42Ing dina kang kaping nem, pemimpine bani Gad, yaiku Elyasaf bin Rehuel.

43Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

44piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

45sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

46wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

47lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elyasaf bin Rehuel.

48Ing dina kang kaping pitu: pemimpine bani Efraim, yaiku Elisama bin Amihud.

49Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

50karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

51sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

52wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

53lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elisama bin Amihud.

54Ing dina kang kaping wolu: pemimpine bani Manasye, yaiku Gamaliel bin Pedazur.

55Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

56karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

57sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

58wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

59lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau pisungsunge Gamaliel bin Pedazur.

60Ing dina kang kaping sanga: pemimpine bani Benyamin, yaiku Abidan bin Gideoni.

61Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan,

62piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

63sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

64wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

65lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Abidan bin Gideoni.

66Ing dina kang kaping sepuluh: pemimpine bani Dhan, yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.

67Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

68piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

69sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

70wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

71lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahiezer bin Amisyadai.

72Ing dina kang kaping sawelas: pemimpine bani Asyer, yaiku Pagiel bin Okhran.

73Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

74piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

75sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

76wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

77lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Pagiel bin Okhran.

78Ing dina kang kaping rolas: pemimpine bani Naftali, yaiku: Ahira bin Enan.

79Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

80piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

81sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

82wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

83lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahira bin Enan.

84Iki pratelane pisungsung kang saka para pemimpin Israel kanggo mulyakake misbyah nalika dijebadi, yaiku: pinggan salaka rolas, bokor salaka rolas, piring mas rolas.

85Pinggan salaka iku bobote nyatus telung puluh sekel, bokor panyiraman mitung puluh sekel; salakane sakehe piranti iku bobote rong ewu patang atus sekel, ditimbang manut sekel suci.

86Piring mas rolas mau padha kebak isi dupa, bobote piringe nyepuluh sekel, ditimbang manut sekel suci, mase sakehe piring mau bobot satus rong puluh sekel.

87Gunggunge sapi kang kanggo kurban obaran iku, sapi lanang nom rolas, karo wedhus gibas lanang rolas, wedhus gibas umur setaun rolas, kanthi kurbane dhaharan; lan wedhus berok lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa rolas.

88Gunggunge kewan kang kanggo kurban slametan iku, sapi lanang nom patlikur, karo wedhus gibas lanang sawidak, wedhus berok lanang sawidak lan wedhus gibas kang umur setaun sawidak. Iku mau pisungsung kang kanggo mulyakake misbyah, sawuse kajebadan.

89Anadene manawa Nabi Musa lumebet ing Tarub Pasewakan, arep imbal wacana klawan Panjenengane, banjur mireng swara kang mangandikani saka ing sadhuwure tutup karukunan kang tumumpang ing pethining angger-anggere Gusti Allah, saka ing antarane kerub loro, mangkono anggone mangandikani.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel