Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 8 >> 

Bab padamaran

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira kandhaa marang Harun lan tutura: Samangsa sira masang damar-damar iku, damare pitu pisan bisaa madhangi ing ngarepe padamaran.”

3Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.

4Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.

Nucekake wong Lewi

5Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

6“Wong Lewi iku padha sira ajokna saka ing tengahe wong Israel sarta padha sira sucekna.

7Dene anggonira nucekake iku patrape mangkene: Padha sira kepyurana banyu pambirating dosa; banjur cukura badan sakojur lan padha ngumbaha sandhangane, tumuli padha dadi suci.

8Sawuse mangkono tumuli padha njupuka sapi lanang nom siji, karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan, diwori lenga, lan sira njupuka sapi lanang nom siji engkas kanggo kurban pangruwating dosa.

9Wong Lewi banjur sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan; sarta sira dhawuha marang sapasamuwane wong Israel kabeh supaya padha nglumpuk.

10Wong Lewi iku nuli padha sira ajokna menyang ing ngarsane Yehuwah, lan wong Israel padha numpangna tangane marang wong Lewi iku;

11karodene wong Lewi iku padha digoyanga dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah saka wong Israel, supaya padha nindakna bubuhane nglakoni ayahane Sang Yehuwah.

12Sawuse wong Lewi padha numpangake tangane ing endhase sapi-sapi nom mau, kang siji tumuli sira saosna dadi kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, kagawe nganakake karukunan tumrap para wong Lewi mau.

13Wong Lewi banjur sira dhawuhana maju ana ing ngarepe Harun lan ing ngarepe para anake, sarta sira goyanga dadi pisungsung goyangan konjuk marang Pangeran Yehuwah.

14Kaya mangkono anggonira nucekake para wong Lewi saka ing tengahe wong Israel, supaya padha dadia kagunganingSun.

15Sawuse mangkono wong Lewi lagi kena lumebu nindakake ayahan ana ing Tarub Pasewakan, yaiku samangsa wus padha sira sucekake lan sira goyang dadi pisungsung goyangan.

16Awitdene kudu padha kasaosake babar pisan marang Ingsun saka ing satengahe wong Israel; minangka lirune sadhengaha kang lair dhisik, iya liruning sakehe pambarepe wong Israel, iku wus padha Sunpundhut kagem Ingsun.

17Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.

18Jalaran saka iku wong Lewi padha Sunpundhut dadi lirune sakehe pambarep kang ana ing satengahe wong Israel,

19lan wong Lewi mau padha Sunpasrahake saka ing satengahe wong Israel minangka peparing marang Harun lan para anake, supaya padha nindakna sakehe ayahane wong Israel ana ing Tarub Pasewakan, lan padha nganakna karukunan kanggo wong Israel, supaya wong Israel aja nganti kena wewelak samangsa padha nyedhaki marang pasucen.”

20Anadene Nabi Musa lan Rama Harun sarta sapasamuwane wong Israel kabeh tumuli padha nindakake mangkono marang para wong Lewi; dene wong Israel iya padha nindakake ceples kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Lewi mau.

21Wong Lewi padha mbirat dosane lan ngumbahi sandhangane, banjur padha digoyang dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawuse mangkono Rama Harun nganakake pirukun kanggo wong-wong mau supaya padha birat najise.

22Sarampunge iku wong Lewi padha lumebu, nindakake ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan dadi reh-rehane Rama Harun lan para putrane. Kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa ing ngatase wong Lewi, iya kaya mangkono kang kaetrapake marang wong-wong mau.

Wiwitan lan wekasaning panyambutgawene wong Lewi

23Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

24“Iki pranatan kanggo wong Lewi: Saben wong kang umur salawe taun sapandhuwur iku kawajiban nindakake ayahan ngladeni ana ing Tarub Pasewakan,

25dene samangsa wus nyandhak umur seket taun tumuli dililanana mundur saka anggone leladi, wus ora prelu nglakoni kuwajiban maneh.

26Iya kalilan saupama melu ngrewangi para sadulure ana ing Tarub Pasewakan, mung bae wus ora prelu leladi dhewe. Kaya mangkono pamatahira marang para wong Lewi mungguh kang dadi kuwajibane.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel