Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 2 >> 

Kabeh-kabeh iku sih-rahmat

1Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.

2Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.

3Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.

4Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,

5wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --

6lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangekake lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengane ana ing swarga,

7supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.

8Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,

9iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

10Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.

Katunggilake ana ing Sang Kristus

11Mulane ngelingana, manawa biyen kowe -- wong-wong kang dudu wong Yahudi mungguh ing daging, kang sinebut wong-wong kang ora tetak dening wong-wong kang ngarani awake dhewe “tetak”, yaiku tetak tata lair srana tanganing manungsa, --

12manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.

13Nanging saiki kowe ana ing Sang Kristus Yesus, kowe kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rohe Sang Kristus.

14Marga iya Panjenengane iku tentrem-rahayu kita, kang wus manunggalake sakaro-karone dadi siji lan kang wus ngrubuhake tembok singgetan, yaiku sesatron,

15awit Panjenengane wus mbatalake angger-anggering Toret dalasan sakabehing pepakon lan katamtuan-katamtuan, supaya sakaro-karone dadi manungsa anyar siji ana ing panjenengane lan kalawan mangkono iku banjur nganakake tentrem-rahayu,

16lan kanggo ngrukunake sakaro-karone, ana ing badan siji, karo Gusti Allah srana salib, kanthi ngilangake sesatron kang ana ing salib iku.

17Panjenengane rawuh lan martakake tentrem-rahayu marang kowe kabeh kang “adoh” lan marang wong-wong kang “cedhak”,

18awit iya marga saka Panjenengane iku kita sakarone ana ing Roh siji padha oleh dalan marang ing ngarsane Sang Rama.

19Marga saka iku, kowe dudu wong manca lan wong neneka maneh, nanging wus manjing dadi sagolongan karo para suci lan manjing dadi brayating Allah,

20kang kabangun adhedhasar ing para rasul lan para nabi, kalawan Sang Kristus Yesus kang minangka watuning pepojok.

21Iya Panjenengane iku kang dadi margane sagedhong kabeh, sawise katata runtut banjur dadi Padalemaning Alah kang Suci, ana ing sajrone Gusti.

22Ana ing Padaleman iku kowe uga padha melu kabangun dadi padalemane Gusti Allah, ana ing sajrone Roh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Efesus 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Efesus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel