Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 10 >> 

Kamulyane Sang Mordekhai

1Sawuse mangkono Sang Prabu Ahasyweros netepake pranatan bulubekti saka ing tanah lan dhaerah nganti tutug ing pasisir uga.

2Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?

3Amarga Sang Mordekhai iku dadi priyagung kang angka loro ing sangandhape Sang Prabu Ahasyweros, lan panjenengane diurmati dening wong Yahudi lan ditresnani dening para sentanane, amarga anggone ngudi murih kabegjaning bangsane lan marga kang kapangandikakake iku tumuju marang ing karaharjaning bangsane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel