Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 2 >> 

Ester kaangkat dadi Prameswari

1Sawuse lelakon iku mau, bareng dukane Sang Prabu Ahasyweros wus sirep, panjenengane kengetan marang Sang Putri Wasti, lan apa kang wus ditindakake sarta mungguh tibaning putusan tumrap ing sarirane.

2Ing kono para abdi kang ngladosi ana ing ngarsane, padha duwe atur mangkene: “Sang Prabu mugi kapadosna lare-lare estri, prawan ingkang endah ing warni,

3Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,

4lan pundi ingkang dados keparengipun Sang Prabu punika kajunjunga dados Prameswari, nggentosi kalenggahanipun Sang Putri Wasti.” Atur pirembag kang kaya mangkono iku kadhahar dening Sang Prabu, tumuli katindakake mangkono uga.

5Ing nalika samana ing beteng kadhaton Susan ana sawenehing wong Yahudi, jenenge Mordekhai bin Yair bin Simei bin Kisy, wong Benyamin,

6panunggalane para wong buwangan, kang kaangkatake saka ing Yerusalem bareng karo Sang Prabu Yekhonya, ratu ing Yehuda, nalika panjenengane kaangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.

7Mordekhai mau duwe momongan wadon, jenenge Hadasa, yaiku Ester, anake sadulure bapakne, awit wis ora duwe bapa-biyung; bocah iku pawakane endah lan sulistya ing warna. Nalika bapa-biyunge ngajal, banjur kapupu dening Mordekhai iku.

8Bareng dhawuh undhang-undhange Sang Prabu wus sumebar lan wus akeh bicah wadon padha kaklumpukake ana ing beteng kadhaton Susan, kareksa dening Hegai, Ester mau uga melu kapundhut menyang ing kadhaton, kapitayakake marang Hegai, lurahing kaputren.

9Bocah wadon iku becik banget mungguh ing pamawase lan nuwuhake sih-kamurahane, temah banjur enggal-enggal diwenehi geganda arum tuwin cadhong-cadhonge, lan bocah wadon pilihan pitu saka ing kadhaton, sarta banjur kaelih menyang panggonan kang becik dhewe ing kaputren kinanthenan bocah-bocah wadon mau.

10Ester ora nglairake mungguh bangsa lan asale, amarga dipenging Mordekhai.

11Mordekhai saben dina klinteran ana ing sangareping platarane kaputren prelu nyumurupi kaanane Ester lan apa kang bakal tumanduk marang dheweke.

12Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.

13Sawuse mangkono kenya mau banjur lumebu marak marang ing ngarsane Sang Prabu, apadene diwenehi apa sapanjaluke, kang banjur digawa lumebu saka ing kaputren menyang ing kadhaton.

14Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.

15Nalika Ester -- anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku -- wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren. Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.

16Mangkono Ester anggone kagawa marang ing ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, ana ing kadhaton, pinuju sasi kasepuluh -- iya iku sasi Tebet -- ing taun kang kaping pitune jumenenge Sang Prabu.

17Anadene Ester iku dikasihi dening Sang Prabu, kinacek karo sakehing para wanita liyane, sarta oleh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsane ngluwihi sarupaning kenya liyane, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi prameswari nggenteni Sang Prameswari Wasti.

18Nuli Sang Prabu mangun bujana kanggo sakehing panggedhene tuwin para punggawane, yaiku bujanane Sang Prameswari Ester, karodene Sang Nata nyuwak pajeg tumrap dhaerah-dhaerah, lan paring ganjaran kayadene salumrahing ratu.

Pak Mordekhai ngonangi sawijining komplotan

19Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.

20Anadene Sang Prameswari Ester ora mratelakake mungguh asal lan bangsane, netepi piwelinge Mordekhai, amarga Sang Putri iku tansah nindakake apa sakandhane Pak Mordekhai kayadene nalika isih digulawenthah.

21Ing nalika Pak Mordekhai pinuju linggih ana ing gapuraning karaton, ana abdi dalem loro panunggalane para jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy kang padha kadunungan karep ala, ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros, amarga serik atine.

22Bareng Pak Mordekhai nyumurupi prakara iku, banjur dilapurake marang Sang Prameswari Ester, sarta panjenengane tumuli ngunjuk uninga marang Sang Prabu kalawan nyebut jenenge Mordekhai.

23Prakara mau nalika katiti-priksa, tinemu nyata mangkono. Abdi loro mau padha disulah ana ing cagak. Sabanjure lelakon iku katulis ana ing buku sejarah ana ing ngarsane Sang Prabu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel