Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 5 >> 

Sang Prameswari Ester marak marang ngarsane Sang Prabu

1Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.

2Bareng Sang Prabu mirsani Sang Prameswari jumeneng ana ing plataran, Sang Prameswari Ester mau karentahan ing sihwilasa dalem, temah diathungi jungkating kaprabon kancana kang kaasta, Sang Prameswari Ester banjur marepeki ndumuk pucuking jungkat iku.

3Sang Prabu tumuli ngandika: “He Prameswari Ester, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingake, sanadyan ngantia saparoning karajan.”

4Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhe kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndherek.”

5Dhawuhe Sang Prabu: “Haman dhawuhana supaya enggal-enggal sowan, supaya mituruti panyuwune Sang Prameswari Ester.” Sang Prabu nuli rawuh nedhaki ing bujana sesaosane Sang Prameswari Ester kadherekake Sang Haman.

6Satengah-tengahe unjuk-unjukan anggur Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Panyuwunira apa, mesthi sira kaparingan. Karepira apa mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”

7Sang Prameswari Ester tumuli munjuk: “Pangajeng-ajeng saha panyuwun kawula, inggih punika:

8manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”

Sang Haman dhawuh ngadegake saka sulahan kanggo Pak Mordekhai

9Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.

10Nanging Sang Haman ngampet dukane mau, sarta sawuse kondur ing daleme, tumuli utusan nglumpukake para mitra lan Zeresy garwane.

11Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.

12Sang Haman banjur ngandika maneh: “Apa maneh Sang Prameswari Ester anggone ngaturi Sang Prabu marang bujana sesaosane, ora kanthi nimbali wong liyane sawiji-wijia kejaba mung aku dhewe lan aku ditimbali seba maneh sesuk, ndherek tedhake Sang Prabu.

13Ewasamono iku kabeh ora maedahi tumraping aku, sasuwene aku isih ndeleng si Yahudi Mordekhai kang lungguh ana ing gapuraning kadhaton.”

14Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel