Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 2 >> 

Pratelane bab wong-wong kang mulih saka ing pambuwangan

1Iki pratelane bab wong ing propinsi Yehuda kang padha budhal mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diboyongi menyang ing tanah Babil dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan tanah Yehuda menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

2Tekane padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Seraya, Reelaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana. Iki dhaftare wong-wong bangsa Israel:

3bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;

4bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;

5bani Arakh: pitung atus pitung puluh lima;

6bani Pahat-Moab, iya iku anak-anake Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus rolas;

7bani Elam: sewu rong atus seket papat;

8bani Zatu: sangang atus patang puluh lima;

9bani Zakai: pitung atus sewidak;

10bani Bani: nem atus patang puluh loro;

11bani Bebai: nem atus telulikur;

12bani Azgad: sewu rong atus rolikur;

13bani Adhonikam: nem atus sewidak nenem;

14bani Bigwai: rong ewu seket nenem;

15bani Adin: patang atus seket papat;

16bani Ater, yaiku bani Hizkia: sangang puluh wolu;

17bani Bezai: telung atus telulikur;

18bani Yora: satus rolas;

19bani Hasum: rong atus telulikur;

20bani Gibar: sangang puluh lima;

21saka Betlehem: satus telulikur;

22para wong Netofa: seket nenem;

23saka Anatot: satus wolulikur;

24saka Asmawet: patang puluh loro;

25saka ing Kiryat-Arim, Kefira lan Beerot: pitung atus patang puluh telu;

26saka ing Rama lan Gaba: nem atus selikur;

27saka ing Mikhmas: satus rolikur;

28saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;

29saka ing Nebo: seket loro;

30bani Magbis: satus seket nenem;

31bani Elam, yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;

32bani harim: telung atus rong puluh;

33para wong saka ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selawe;

34saka Yerikho: telung atus patang puluh lima;

35bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.

36Iki pratelane para imam: bani Yedaya, iya iku kulawangsane Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

37bani Imer: sewu seket loro;

38bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;

39bani Harim: sewu pitulas.

40Iki para wong Lewi: bani Yesua lan Kadmiel, yaiku tedhake Hodawya: pitung puluh papat.

41Iki para pasindhen: bani Asaf: satus wolulikur.

42Iki turune para jaga-gapura: bani Salum, bani Ater, bani Talmon, bani Akub, bani Hatita, bani Sobai, iku kabeh gunggunge satus telung puluh sanga.

43Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah: bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot;

44bani Keros, bani Siaha, bani Padon;

45bani Lebana, bani Hagaba, bani Akub,

46bani Hagab, bani Samlai, bani Hanan;

47bani Gidel, bani Gahar, bani Reaya;

48bani Rezin, bani Nekoda, bani Gazam;

49bani Uza, bani Paseah, bani Besai;

50bani Asna, bani Meunim, bani Nefusim;

51bani Bakbuk, bani Hakufa, bani Harhur;

52bani Bazlut, bani Mehida, bani Harsa;

53bani Barkos, bani Sisera, bani Temah;

54bani Neziah, bani Hatifa.

55Iki turune para abdine Prabu Suleman: bani Sotai, bani Soferet, bani Peruda;

56bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;

57bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Ami.

58Sakehe para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman iku gunggunge ana telung atus sangang puluh loro.

59Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:

60bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;

61lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.

62Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.

63Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.

64Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;

65iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.

66Jarane ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima;

67untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

68Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.

69Padha ngaturake pisungsung ing sakadare minangka wragade pagawean rupa mas sawidak siji ewu dirham, selaka limang ewu mena, apadene klambi rangkepan panganggone para imam satus iji.

70Dene para imam lan para wong Lewi sarta uga saperanganing rakyat, para pasindhen lan para jaga-gapura tuwin para abdining padalemaning Allah padha manggon ana ing kutha-kuthane, mangkono uga wong Israel liyane kabeh iya padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel