Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Habakuk 3 >> 

Pandongane Nabi Habakuk

1Pandongane Nabi Habakuk, lagune kaya kidung pesambat.

2Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah! Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun, inggih salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma!

3Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman, sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, (sela). Kamulyane nasabi sakurebe langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane.

4Ana kang sumorot pindha cahya, soroting cahya caka ing sisihe, iku kang nasabi kakiyatane.

5Pageblug lumaku ana ing ngarsane, sarta lelara panas ndherekake tindake.

6Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabab-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.

7Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan, tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.

8Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen, punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika? Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika, dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?

9Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang, sampun Paduka pasangi jemparing (sela). Bumi Paduka belah dados lepen-lepen;

10redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter, bena langkung kalayan swanten gumrojog, samodra nyuwanten, saha njunjung tanganipun.

11Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun, margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas, sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.

12Kanthi bramatya anggen Paduka tindak ndlajahi bumi, para bangsa sami Paduka gebag ing salebeting bendu.

13Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk, dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).

14Pangagenging wadya-bala ingkang ngamuk Paduka dhawahi panahipun piyambak, kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surak kados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman.

15Kalayan kuda Paduka, Paduka tindak ing saganten, inggih klempaking toya ingkang munthuk.

16Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula, lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun; balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk, sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak; ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan, ingkang tumempuh dhateng bangsa ingkang gegrombolan nempuh kawula.

17Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun,

18ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah, abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula.

19Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku: Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan, Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku. (Kanggo pemimpining juru ngidung, binarung ing swaraning clempung).


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Habakuk 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel