Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 15 >> 

Sang Simson nglawan wong Filisti

1Sawuse sawatara dina nalika mangsane panen gandum, Sang Simson nuweni garwane klawan ngasta oleh-oleh cempe, pangandikane: “Kula badhe manggihi semah kula wonten ing kamaripun.” Nanging ramane garwane ora nglilani lumebet.

2Pangandikane ramane mau: “Aku ngira, yen saliramu mesthi sengit banget marang dheweke, mulane dakwenehake marang kancamu. Adhine rak luwih ayu katimbang karo dheweke, mbok iku bae pundhuten dadi lirune.”

3Sang Simson banjur ngandika marang wong ing kono: “Sapisan iki aku ora bisa diluputake dening wong Filisti, yen aku nandukake piala marang wong-wong iku.”

4Sang Simson tumuli tindak nyepeng asu wawar telung atus, buntute banjur padha diganthetake loro-loro lan saben buntut loro dietrapi obor ana ing tengahe.

5Obore tumuli padha disuledi sarta asune wawar banjur padha digetak menyang pagandumane wong Filisti kang durung dieneni, dalasan pakebonane jaitun.

6Wong Filisti banjur padha ngucap: “Sapa ta kang nindakake iku?” Tumuli ana kang sumaur: “Iku Simson, mantune wong Timna, amarga bojone direbut diwenehake marang kancane.” Wong Filisti tumuli padha teka sarta wong wadon mau diobong dalasan bapakne.

7Ing kono pangandikane Sang Simson marang wong mau: “Yen kowe padha duwe pokal kaya mangkono, lah aku iki bakal ora leren-leren sadurunge malesake awakku sakayange marang kowe.”

8Wong mau balung-balunge tumuli padha digepuki sakayange. Panjenengane tumuli tindak sarta manggen ana ing guwa parang ing gunung Etam.

9Bangsa Filisti banjur padha nglurug sarta makuwon ana ing tanah Yehuda lan sumebar tekan ing Lekhi.

10Wong Yehuda padha ngucap: “Yagene kowe padha nglurugi aku?” Wangsulane wong Filisti: “Aku padha nglurug arep mbanda Simson lan bakal nindakake padha kaya kang ditandukake marang aku kabeh.”

11Banjur ana wong Yehuda telung ewu padha marani guwa parang ing Etam sarta matur marang Sang Simson: “Panjenengan punapa boten pirsa, bilih tiyang Filisti punika sami ngereh kula? Punapaa dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula sadaya?” Wangsulane Sang Simson marang wong mau: “Panggaweku marang dheweke iku padha uga karo kang dadi panggawene marang aku.”

12Ature wong Yehuda marang Sang Simson: “Dhateng kula mriki punika badhe mbesta panjenengan, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun tiyang Filisti.” Pangandikane Sang Simson marang wong iku: “Kowe padha sumpaha marang aku yen kowe dhewe bakal ora ngrubut aku.”

13Wong mau tumuli padha matur marang hakim Simson, pangucape: “Boten, namung badhe kula besta kemawon, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun, nanging boten kula pejahi.” Sang Simson banjur dibesta klawan dhadhung anyar loro sarta didhabyang metu sakal ing parang.

14Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.

15Lan panjenengane manggih balung uwanging kuldi kang anyar, banjur mulung astane balunge dipundhut lan kagawe nempuh wong sewu nganti padha mati.

16Sang Simson ngandika: “Klawan uwanging kuldi bangsa kuldi iku dakajar, klawan uwanging kuldi wong sewu dakgecak.”

17Sawuse ngandika mangkono balung uwang mau dibucal. Panggonan ing kono banjur karan Ramat Lekhi.

18Nalika Sang Simson kasatan banget, sesambat marang Sang Yehuwah: “Paduka sampun paring pangluwaran ageng makaten lantaran tanganipun abdi Paduka, ing sapunika punapa kawula badhe pejah kasatan, sarta dhumawah ing tanganipun tiyang boten tetak punika?”

19Gusti Allah tumuli mbengkah gampeng kang ana ing Lekhi lan iku banjur metu banyune. Sang Simson tumuli ngunjuk, temah pulih dadi kiyat maneh lan seger sarirane. Mulane sendhang iku karan Sendhang Pesambat, kang isih ana ing Lekhi tumeka saprene.

20Sang Simson anggone ngakimi bangsa Israel nalika kajajah wong Filisti lawase rong puluh taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel