Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 2 >> 

Sang Malaekating Yehuwah ana ing Bokhim

1Sang Malaekating Yehuwah nuli tindak saka ing Gilgal menyang ing Bokhim sarta ngandika: “Ingsun wus ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan sira padha Sunlebokake ing tanah kang wus Sunprasetyakake kanthi supaos marang para leluhurira klawan pangandika: Ingsun ora bakal nyandekake prasetyaningSun klawan sira ing salawas-lawase,

2nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?

3Ingsun malah uga wus ngandika: Wong iku bakal padha ora Suntundhungi saka ing ngarepanira, malah iku bakal padha dadi mungsuhira sarta sakehing allahe bakal padha dadi kalajiret tumrap sira.”

4Bareng Sang Malaekating Yehuwah mau wus ngandika mangkono marang wong Israel kabeh, wong-wong iku tumuli padha nangis sora.

5Mulane panggonan iku diarani Bokhim. Wong-wong mau banjur padha nyaosake kurban marang Sang Yehuwah ana ing kono.

Wong Israel padha nyembah brahala ing jamane para hakim

6Sawuse Senapati Yusak nglilani mundur wong Israel banjur padha mangkat siji-sijine menyang ing tanah-pusakane, lan padha ngebeki nagara kono.

7Anadene bangsa mau tetep padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan salawase sugenge para sesepuh kang isih kasambungan yuswane nganti sapengkere Senapati Yusak, lan kang padha menangi sakehing kaelokane Sang Yehuwah kang ditandukake marang Israel.

8Lan Senapati Yusak bin Nun, abdine Sang Yehuwah iku seda, yuswane satus sepuluh taun,

9banjur disarekake ana ing tanah pusakane Timnat-Heres, ing pagunungan Efraim, salore gunung Gaas.

10Kacarita bareng wong sabarakane iku kabeh wus padha kaklumpukake karo para leluhure, banjur tuwuh golongan liyane, kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel.

11Wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, padha ngabekti marang para Baal.

12Padha nyingkur marang sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngentasake saka ing tanah Mesir, padha manut marang allah liya-liyane, panunggalane para allahe para bangsa kang ana ing sakubenge, sarta padha sujud marang iku, temah damel gerahe panggalihe Sang Yehuwah.

13Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.

14Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.

15Menyanga ngendi bae pangluruge padha dilawan dening astane Sang Yehuwah, temah nemu tiwas, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah kalawan supaos, temahan padha banget susahe.

16Ing kono Sang Yehuwah banjur njumenengake hakim; kang padha ngluwari saka ing tanganing rampog.

17Nanging para hakim mau uga padha ora dipreduli, awit padha bebedhangan ngetutake allah liya-liyane klawan padha disujudi. Wong Banisrael padha nyimpang saka ing dalan ambah-ambahane para leluhure kang padha ngestokake ing pepakone Sang Yehuwah, sarta padha nglakoni kang ora pantes.

18Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.

19Nanging manawa hakim iku seda, tumuli padha tumindak ala maneh, luwih ala katimbang karo leluhure, padha manut allah liya-liyane klawan padha dibekteni lan disujudi; padha ora ngunduri pisan-pisan pratingkah lan lakune kang ndlarung iku.

20Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,

21mulane Ingsun ora karsa nglajengake nundhungi bangsa siji-sijia saka ing ngarepane, kang isih dikarekake dening Yusak nalika matine,

22supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kayadene para leluhure apa ora.”

23Mangkono dadine bangsa-bangsa iku mau padha dilestarekake manggon dening Sang Yehuwah lan ora enggal ditundhungi lunga, sarta ora diulungake marang tangane Sanapati Yusak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel