Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 1 >> 

Bebuka

1Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Hosea bin Beeri, nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, sarta nalika jamane Sang Prabu Yerobeam bin Yoas, ratu ing Israel.

Brayate Nabi Hosea minangka gegambaran tumrap Israel kang ora setya

2Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”

3Nabi Hosea banjur tindak ngalap garwa Gomer anake Diblaim; wong wadon mau tumuli ngandheg lan banjur duwe anak lanang karo Nabi Hosea.

4Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel.

5Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.”

6Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura.

7Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”

8Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang.

9Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.”

Janji bab kaslametan

10Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”

11Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel