Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 3 >> 

Ditampani maneh, nanging ora dianggep

1Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.”

2Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer.

3Iku nuli dakkandhani mangkene: “Kowe kudu manggon tetunggalan karo aku nganti suwe lan aja laku bedhang sarta aja kadarbe ing wong lanang liya; aku iya ora bakal ngewori turu kowe.”

4Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.

5Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel