Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 16 >> 

Dina Gedhe Karukunan

1Sawuse putrane Rama Harun kang loro mati nalika padha nyedhak marang ing ngarsane Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa.

2Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.

3Harun anggone lumebu ing pasucen iku patrape mangkene: nggawaa pedhet siji kanggo kurban pangruwating dosa sarta wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran,

4kalawan manganggo kemejan lena kang suci lan lena kanggo nutupi kawirangane, sabukan lena lan uga nganggoa serban lena; iku padha sandhangan suci, kang dianggoa sawuse adus.

5Dene pasamuwane Israel kajalukana wedhus berok loro kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran.

6Sawuse mangkono Harun tumuli nyaosna sapi lanang kang arep dianggo kurban pangruwating dosa tumrap awake dhewe, kanthi patrap mangkono anggone ngolehake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane.

7Nuli dheweke njupuka wedhus berok lanang loro mau diajokna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,

8wedhus berok lanang loro mau banjur kaundhia, undhi siji kagem Sang Yehuwah lan sijine kanggo Azazel.

9Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa.

10Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel.

11Harun tumuli nyaosna sapi lanang kurban pangruwating dosa kang kanggo awake dhewe lan kanggo nganakake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane, sarta nyembeleha sapine lanang iku;

12banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.

13Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.

14Apamaneh Harun njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, dikepyurna klawan drijine ing dhuwure tutup pangruwatan perangan ngarep, lan anaa sathithik kang dikepyurake klawan drijine ing ngarepe tutup pangruwatan nganti rambah kaping pitu.

15Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe.

16Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane.

17Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh.

18Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.

19Dene getihe salong kakepyurna ing misbyah klawan drijine nganti rambah kaping pitu, temah misbyah iku dibirat najise lan disucekake saka sarupane kanajisane wong Israel.

20Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna,

21Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku.

22Kaya mangkono anggone wedhus lanang mau kudu ngangkat sakehe kaluputane Israel menyang ing tanah kang cengkar, lan wedhus iku lagi dieculna manawa wis tekan ing pasamunan.

23Sawuse mangkono Harun tumuli lumebua ing Tarub Pasewakan lan cucula sandhangan lena kang dianggo nalika lumebu ing pasucen, padha ditinggala ana ing kono.

24Banjur adusa ana ing papan kang suci, nuli nganggoa sandhangane dhewe, sarta metua nyaosna kurban obarane dhewe lan kurban obaran sesaosane umat; sarana patrap mangkono anggone nganakake pirukun kanggo awake dhewe lan kanggo umat.

25Gajihe kurban pangruwating dosa iku nuli diobonga ana ing misbyah.

26Anadene wong kang ngeculake wedhus kang kanggo Azazel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sawuse mangkono lagi kena lumebu ing palereban.

27Sapi lanang lan wedhus lanang kurban pangruwating dosa, kang getihe wus kagawa lumebu kanggo nganakake pirukun ana ing pasucen iku, padha kagawaa metu saka palereban, sarta lulange, daginge lan tlethonge iku kaobonga nganti entek.

28Sapa kang ngobong iku kabeh, ngumbaha sandhangane, adusa, sawuse iku lagi kena lumebu ing palereban.

29Iki dadia pranatan ing salawase kanggo sira kabeh, yaiku: ing sasi kapitu tanggal sapuluh, sira padha ngesorna awakira kanthi puwasa, sarta aja nyambut-gawe, iya bangsa Israel asli iya wong neneka kang manggon ana ing satengahira.

30Awitdene ing dina iku kudu dianakake pirukun tumrap sira kabeh kagawe mbirat najisira. Sira bakal padha diresiki saka sakehe dosanira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

31Dina iku kaanggepa sabat, dina ngaso babar pisan tumrap sira lan sira padha ngesorna awakira kanthi puwasa. Iku dadia pranatan ing salawase.

32Dene imam kang wus dijebadi lan wus katetepake kaimamane nggenteni bapakne, iku nganakna pirukun; iku kudu nganggo sandhangan lena, sandhangan kang suci,

33sarta banjur nganakna pirukun kanggo ing pasucen pinunjul, Tarub Pasewakan, lan kanggo misbyah, uga kanggo para imam lan kanggo wong sabangsa kabeh.

34Iku dadia pranatan ing salawase tumrap sira, supaya setaun sepisan kaanakna karukunan kanggo wong Israel marga saka sakehe dosane.” Imam Harun tumuli nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel