Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 17 >> 

Bab panggonan kanggo nyembeleh kewan lan panggonan kanggo nyaosake kurban

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira ndhawuhana marang Harun lan marang anak-anake sarta marang sakehe wong Israel, padha tuturana mangkene: Iki dhawuh kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah:

3Saben wong turune Israel kang nyembeleh sapi, wedhus gibas utawa wedhus berok ana ing jero palereban utawa ing sajabane,

4mangka ora nganggo digawa menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan prelu kacaosake minangka kurban marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah, kang mangkono iku ditempuhna marang wong mau minangka utang getih, marga wus ngwutahake getih, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane.

5Iku supaya wong Israel samangsa padha nggawa kurbane sembelehan, kang adate disaosake ana ing ara-ara, marang Pangeran Yehuwah ana ing lawanganing Tarub Pasewakan sarana kapasrahake marang imam, minangka kurban slametan konjuk marang Sang Yehuwah.

6Imam banjur nyiramake getihe ing misbyahe Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, sarta getihe diobonga minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah.

7Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.

8Sarta iku padha sira tuturana: Saben turune Israel utawa panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang nyajekake kurban obaran utawa kurban sembelehan,

9mangka ora digawa menyang ing lawangane Tarub Pasewakan supaya kasaosna marang Pangeran Yehuwah, wong kang kaya mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

Larangan mangan getih utawa bathang

10“Sadhengah wong turune Israel lan panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang mangan sadhengaha getih, iku bakal Sunlawan sarta Suntumpes saka ing satengahe bangsane.

11Marga nyawane angger daging iku ana ing getihe, sarta anggoningSun maringake getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdene getih iku ngolehake pirukun sarana nyawa.

12Mulane Ingsun dhawuh marang wong Israel: Aja ana wong panunggalanira kang mangan getih, iya dalah bangsa liya kang manggon ana ing tengahira, aja ana kang mangan getih.

13Saben wong Israel utawa wong liya kang manggon ana ing tengahira, kang mbebedhag banjur oleh beburon utawa manuk kang kena dipangan, getihe kudu kawetokake, banjur kaurugana lemah,

14sabab nyawane angger daging iku getihe, mulane wong Israel wus padha Sundhawuhi mangkene: Sira aja mangan getihe sadhengah daging, awitdene nyawane angger daging iku getihe; sing sapa mangan iku mesthi katumpes.

15Karodene sing sapa mangan bathang utawa sisane kewan galak, dadia wong Israel utawa wong liya, iku kudu ngumbah sandhangane lan adus sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge, banjur lagi mari najise.

16Nanging manawa ora ngumbah sandhangane lan ora adus, mesthi bakal nyangga kaluputane.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel