Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 19 >> 

Bab urip suci

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.

3Saben wong ing satengahira duwea pakering marang biyunge lan bapakne, sarta padha netepana dina sabatingSun; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

4Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

5Manawa sira nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, anggonira nyaosake kurban iku ndadekna renaning Pangeran Yehuwah marang sira kabeh.

6Iku kapangana tunggal dina karo anggonira nyaosake; uga kepareng ing dina esuke, nanging sisane ing dina kaping telune kudu diobong nganti entek.

7Manawa uga dipangan ing dina kaping telune, iku jember sarta ora ndadekake renening Pangeran Yehuwah marang wong iku.

8Sapa kang mangan kudu nyangga kaluputane dhewe, marga nyawiyah kasucene sesaosan suci marang Pangeran Yehuwah. Wong mangkono iku kudu disirnakake saka ing satengahe bangsane.

9Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, iku aja sira eneni nganti entek nganti tekan ing pinggir, lan gogrogane panenanira iya aja sira jupuki.

10Mangkono uga pakebonanira anggur iya aja sira undhuhi ambal kaping pindho, sarta wohe kang kecer ana ing lemah aja sira kukupi, iku sira kerekna kanggo wong miskin lan wong manca; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

11Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.

12Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

13Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.

14Wong budheg aja sira supatani lan aja masang watu sandhungan ana ing ngarepe wong wuta; nanging sira wedia marang Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

15Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.

16Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.

17Sira aja ngendhem sengit marang sadulurira, pepadhanira elingna klawan ngeblak, sarta sira aja njalari dosanira dhewe marga saka wong iku.

18Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.

19Sira netepana pranataningSun. Sira aja njodhokake kewanira karo kang dudu jinise. Buminira sapanggonan aja sira sebari bibit rong rupa. Sira aja nganggo sandhangan kang bakale rong rupa.

20Manawa ana wong lanang kang awor turu karo sawijining wong wadon, yaiku bature wong lanang liya, kang ora tau ditebus lan iya ora diwenehi layang tandhaning mardika, panggawe mangkono iku kudu kaukum, mung karo-karone aja nganti dipateni, marga bocah wadon iku durung dimerdikakake.

21Wong lanang iku mau kudu ngaturake kurban dhendha konjuk marang Sang Yehuwah ana ing lawangane Tarub Pasewakan, arupa wedhus gibas lanang kanggo kurban dhenda.

22Dene imam banjur nganakna pirukun tumrap wong iku, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah marga saka dosane srana wedhus gibas lanang kurban dhendha iku, temah dosane kang wus dilakoni mau bakal kaapura.

23Samangsa sira wus lumebu ing nagara iku sarta wus nandur kitri warna-warna, wohe kang wiwitan sajroning telung taun lawase iku aja sira undhuhi lan aja sira pangan.

24Dene ing tahun kaping papate sakehe wohe padha dadia pisungsung pamuji konjuk marang Pangeran Yehuwah.

25Ing taun kang kaping limane sira lagi kalilan mangan wohe, kang mangkono iku supaya ndadekna wuwuhe asilira; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

26Sira aja mangan sadhengah apa kang isih ana getihe. Sira aja padha nindakake ngelmu petungan utawa pameca.

27Sira aja nyukur rambuting sirahira mubeng turut pinggir lan aja ngrusak pinggire jenggotira.

28Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah.

29Sira aja ngrusak kasucene anakira wadon kanthi patrap sira dadekake wong tuna-susila, supaya wong sanagara aja nganti padha laku jina, temah nagara iku kebak pratingkah kang nistha.

30Sira padha netepana dina-dina sabatingSun, sarta ngajenana marang pasuceningSun; Ingsun iki Yehuwah.

31Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

32Ana ing ngarepe wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajenana, sarta wedi asiha marang Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

33Manawa ana wong manca kang manggon tetunggalan karo sira ana ing nagaranira, iku aja padha sira tindhes.

34Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

35Sira aja laku cidra ana ing pangadilan, mangkono uga tumrap ukuran, timbangan lan takeran.

36Sira padha migunakna timbangan kang bener, watu timbangan kang bener, takeran efa kang bener lan takeran hin kang bener; Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir.

37Kaya mangkono anggonira kudu padha gondhelan marang sakehe pranataningSun lan katetepaningSun, sarta padha nindakna iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel