Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 10 >> 

Pratelan bab para turune Sem, Kham lan Yafet

1Iki tedhak-turune para putrane Rama Nuh: Sem, Kham lan Yafet. Anggone padha kaparingan anak sawuse banjir gedhe.

2Turune Yafet yaiku: Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mesekh lan Tiras.

3Turune Gomer: Askenas, Rifat lan Togarmah.

4Turune Yawan: Elisa, Tarsis, bangsa Kitim lan bangsa Dodanim.

5Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggoni tanah pasisir wengkone para bangsa. Yaiku turune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane, golongane lan bangsane.

6Turune Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

7Turune Kusy: Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; lan turune Raema: Syeba lan Dedan.

8Kusy anak-anak Nimrod; iku wong kang miwiti duwe pangwasa ana ing bumi;

9dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: “Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

10Karajane kang wiwitan yaiku Babil, Erekh, Akad lan Kalne ing tanah Sinear.

11Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lan Kalakh,

12apadene Resen ana ing antarane Ninewe lan Kalakh, iku kutha kang gedhe.

13Misraim nurunake bangsa Ludim, bangsa Anamim, bangsa Lehabim, bangsa Naftukhim,

14bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsa Filisti.

15Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,

16apadene bangsa Yebusi, bangsa Amori, bangsa Girgasi,

17bangsa Hewi, bangsa Arki lan bangsa Sini,

18bangsa Arwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati. Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.

19Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.

20Iku mau turune Kham, pamanggone mawa-mawa golongane, basane, tanahe lan bangsane.

21Sem, leluhure bani Eber, sadulure tuwa Yafet, iku iya duwe anak.

22Tedhak-turune Sem yaiku: Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram.

23Tedhake Aram: Us, Hul, Geter lan Mas.

24Arpakhsad anak-anak: Selah lan Selah anak-anak: Eber;

25Eber duwe anak lanang loro, kang siji jenenge Peleg, marga nalika samana bumi kabage, dene adhine jenenge Yoktan;

26Yoktan nurunake Almodad, Selef, Hazar-Mawet, Yerakh,

27Hadoram, Uzal, Dikla,

28Obal, Abimael, Syeba,

29Ofir, Hawila lan Yobab; iku mau kabeh padha turune Yoktan.

30Wilayahe wiwit saka ing Mesa tutug ing Sefar ing pagunungan sisih wetan.

31Iku mau padha turune Sem, miturut golongane, basane, tanahe lan bangsane.

32Kabeh mau tedhak-turune Rama Nuh, miturut kang pada nurunake, miturut bangsa-bangsane. Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pating prenca pamanggone ana ing bumi sawuse banjir gedhe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel