Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 13 >> 

Rama Abram karo Lut Padha pepisahan

1Rama Abram banjur tindak saka ing tanah Mesir dalah kang garwa lan sabarang kagungane kabeh, kondur menyang Tanah Negeb sarta Lut iya ndherek.

2Anadene Rama Abram iku sugih raja-kaya, salaka lan mas.

3Saka ing Negeb tindake kendal-kendel ing palereban nganti tekan ing sacedhake Betel; ing panggonan tancebe tarube kang dhisik, ana ing antarane Betel lan Ai,

4ing panggonane misbyah kang diyasa maune ana ing kono, sarta Rama Abram banjur memuji ngluhurake asmane Sang Yehuwah.

5Lut kang ndherekake tindake Rama Abram mau iya duwe wedhus, sapi lan tarub,

6mangka tanah ing kono kurang kobet dienggoni bebarengan, marga raja-darbeke akeh banget, temahan padha ora bisa nunggal sapanggonan;

7mulane pangone Rama Abram karo pangone Lut padha grejegan. Tanah kono nalika iku dienggoni bangsa Kanaan lan Feris.

8Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut: “Bok aja ana grejegan ing antarane aku lan kowe utawa ing antarane pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur.

9Tanah iki kabeh rak ngeblag ana ing ngarepmu! Bok iya ta kowe misaha saka aku, manawa kowe milih mangiwa, aku dakmanengen, manawa kowe milih manengen, aku dakmangiwa.”

10Lut nuli ndeleng lan sumurup yen tanah ngare saurute bengawan Yarden iku loh jinawi. Sadurunge Sang Yehuwah nggempur Sodom lan Gomora, memper patamanane Sang Yehuwah, iya kaya tanah Mesir tekan ing Zoar.

11Marga saka iku Lut milih tanah ngare saurute bengawan Yarden, sarta banjur budhal mangetan; mangkono anggone padha pepisahan.

12Dene Rama Abram tetep pamanggene ana ing tanah Kanaan, sarta Lut manggon ing kutha-kutha ing lembahe bengawan Yarden, lan anggone ngadegake tarube nganti tekan ing sacedhake Sodom.

13Wong-wong ing Sodom iku padha ala kelakuane lan gedhe durakane ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

14Sawuse Rama Abram ditilar misah dening Lut, Sang Yehuwah banjur ngandika mangkene: “Sira tumengaa, ndelenga saka ing papan anggonmu ngadeg mangalor lan mangidul, mangetan lan mangulon;

15awitdene tanah kang sira deleng iku kabeh bakal Sunparingake marang sira lan turunira ing salawase.

16Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.

17Sira mangkata, ndlajahana tanah iku nurut alang lan ujure, awitdene iku bakal Sunparingake marang sira.”

18Rama Abram nuli mbedholi tarube kabekta tindak, wasana manggen ing cedhak alas tarbantin ing Mamre caket karo Hebron, ana ing kono banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel