Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 24 >> 

Palakramane Rama Iskak

1Anadene Rama Abraham iku wus sepuh lan akeh yuswane, sarta tansah diberkahi dening Sang Yehuwah tumrap sakabeh-kabehe.

2Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwane abdine, kang dipracaya nguwasani kabeh kang ana ing daleme, pangandikane: “Tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku,

3supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,

4nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku, nggolekna jodho anakku Iskak.”

5Abdi mau banjur matur: “Bokmanawi tiyang estri wau boten purun kula bekta dhateng tanah ngriki, punapa ingkang putra Iskak kula bekta wangsul dhateng tanahing leluhur panjenengan?”

6Nanging Rama Abraham dhawuh marang kang abdi: “Poma aja pisan-pisan anakku kokbalekake mrana!

7Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,

8ewadene saupama wong wadon mau ora gelem kokajak mrene, kowe luwar saka sumpahmu marang aku, mung poma anakku aja kokbalekake mrana!”

9Abdi mau banjur numpangake tangane ana sangisore cethike Rama Abraham bendarane, banjur sumpah ing bab prakara iku.

10Abdi mau tumuli nyawisake untane bendarane sepuluh, banjur budhal nggawa peni-peni rajapeni kagungane bendarane, parane njujug menyang Aram-Mesopotami ing kuthane Nahor.

11Ing kono unta-untane dijerumake cedhak belik sajabane nagara; ing wayah sore wancine wong wadon padha metu ngangsu.

12Abdi mau tumuli matur: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.

13Lah kawula mapan wonten ing sacelaking belik punika, para anakipun estri tiyang ing kitha ngriki sampun wancinipun medal badhe ngangsu;

14mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi lare estri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukake, aku dakngombe, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kangge abdi Paduka Iskak. Makaten anggen kawula badhe sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.”

15Kacarita abdi mau durung nganti rampung anggone munjuk, lah tumuli Ribkah metu -- Ribkah iku putrane Rama Betuel, putrane kakung Ibu Milka garwane Rama Nahor sadhereke Rama Abraham; -- kalawan manggul june.

16Bocah wadon mau ayu banget rupane, isih prawan durung tau diwori turu wong lanang. Banjur mudhun menyang ing belik sarta ngiseni june, nuli bali munggah.

17Abdi mau banjur methukake sarta ngucap: “Engger, aku wenehana ngombe banyu ing junmu iku sathithik bae!”

18Wangsulane bocah wadon mau: “Sumangga panjenengan ngunjuk.” June enggal diudhunake kasangga ing tangane, sarta abdi mau ditulungi anggone ngombe.

19Sawuse tutug enggone menehi ngombe, banjur ngucap: “Unta panjenengan inggih badhe kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombe ngantos tuwuk.”

20June enggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golek banyu maneh, mangkono anggone nggolekake banyu untane kabeh.

21Anadene wong mau tansah nyawang marang bocahe wadon kalawan meneng, arep nyumurupi apa Sang Yehuwah wus ngolehake gawe anggone lelungan iku apa durung.

22Kacarita bareng untane wus padha wareg anggone ngombe, abdi mau tumuli njupuk ali-ali mas bobot satengah sekel lan gelang sapasang bobot sepuluh sekel emas kanggo tangane bocah wadon mau,

23kalawan ngucap: “Kowe iku anake sapa, engger? Aku bok kokkandhani! Apa ing omahe bapakmu ana panginepane kanggo aku sakanca?”

24Wangsulane bocah wadon marang wong mau: “Kula punika anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Milka patutan kaliyan Embah Nahor.”

25Sarta calathune maneh: “Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kewan lan ugi wonten papan pasipengan.”

26Ing kono abdi mau tumuli jengkeng lan tumungkul ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta nyebut:

27“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”

28Sawuse iku bocahe wadon banjur lumayu aweh weruh marang ibune bab kang mentas kelakon mau.

29Anadene Ribkah mau duwe sadulur lanang jenenge Laban. Laban mau banjur lumayu metu methukake wong mau menyang ing belik.

30Awit bareng weruh ali-ali lan gelang kang ana ing tangane sadulure, lan sawuse krungu kandhane Ribkah sadulure mangkene: “Warna-warna kandhane wong iku marang aku,” Laban tumuli methukake wong mau, ketemu isih ngadeg sandhing untane ana ing sacedhake belik,

31banjur calathu: “Sumangga sadherek ingkang binerkahan dening Sang Yehuwah, kenging punapa panjenengan wonten ing jawi kemawon? Panjenengan sampun kula tatakaken panggenan lan kula sampun cecawis papan kangge unta panjenengan.”

32Wonge banjur lumebu ing omah, untane padha diuculi lapake lan diwenehi dami sarta dipakani, wonge lan kabeh wong kang melu padha dijupukake banyu kanggo wisuh sikil.

33Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!”

34Wong mau banjur pratela: “Kula punika abdinipun Bendara Abraham.

35Wondene Sang Yehuwah sampun mberkahi bendara kula ngantos kelangkung-langkung, ngantos dados tiyang sugih. Dene dipun paringi Sang Yehuwah menda saha lembu, salaka tuwin mas, abdi jaler lan estri punapa malih unta saha kuldi.

36Sarta bendara kula putri Sara garwanipun bendara kula, nalika sampun sepuh mbabar putra kakung patutan saking bendara kula, punika sampun dipun paringi samukawis kagunganipun sadaya.

37Wondene bendara kula sampun mundhut supaos kula: Anakku poma aja kokgolekake jodho wong wadon panunggalane anake bangsa Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,

38nanging kowe menyanga ing omahe bapakku lan ing panggonane sanak kadangku, nggolekna jodho anakku.

39Kula lajeng matur dhateng bendara kula: Bokmanawi larenipun estri boten purun kula bekta.

40Pangandikanipun dhateng kula malih: Sang Yehuwah kang tansah dakbekteni iku bakal ngutus malaekate nyarengi lakumu, temah kelakon anakku kokgolekake jodho saka kula-wargaku lan saka omahe bapakku.

41Bisamu luwar saka sumpahmu marang aku, iya iku samangsa kowe wus kelakon tekan ing tanahe kula-wargaku, mangka kowe ora oleh nggawa bocahe wadon, kowe wus luwar saka sumpahmu marang aku.

42Wondene sareng lampah kula ing dinten punika dumugi sacelaking belik, kula lajeng munjuk: Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, Paduka mugi karsaa damel supados anggen kawula kekesahan punika angsal damel.

43Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,

44mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.

45Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!

46Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.

47Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.

48Kula lajeng jengkeng saha tumungkul sujud wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah saha ngluhuraken Sang Yehuwah Gusti Allahipun bendara kula Abraham, ingkang sampun ngirid lampah kula wonten ing margi ingkang leres, supados kula saged mendhet anakipun estri sadherekipun bendara kula punika kangge putranipun.

49Dados samangke, manawi panjenengan sami karsa nandukaken katresnan saha kasetyan dhateng bendara kula, mugi karsaa paring katrangan dhateng kula. Dene saupami boten, kula inggih kaparingana katrangan, supados kula saged tumoleh mangiwa utawi manengen.”

50Ing kono Laban karo Betuel padha mangsuli: “Prakawis punika pinangkanipun saking Sang Yehuwah, pramila kula sami boten saged matur punapa-punapa dhateng panjenengan, ingkang awon punapa ingkang sae.

51Lah punika Ribkah wonten ngajeng panjenengan, panjenengan bekta lajeng panjenengan bidhal, dadosa garwaning putranipun bendara panjenengan, nyondhongi dhawuhipun Sang Yehuwah.”

52Kacarita bareng abdine Rama Abraham krungu tembung mangkono mau, tumuli sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarsane Sang Yehuwah;

53abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.

54Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono. Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”

55Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”

56Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”

57Wangsulane: “Saenipun gendhuk dipun undang saha dipun takeni piyambak.”

58Ribkah tumuli diundang sarta ditari: “Kowe apa gelem melu tamu iki?” Wangsulane: “Inggih, kula purun.”

59Ing kono Ribkah sadulure banjur dililani budhal karo inyane bareng karo abdine Rama Abraham dalah kanthine.

60Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”

61Ribkah karo para bature wadon banjur tata-tata tumuli padha budhalan, padha nunggang unta, ngetutake si abdi. Mangkono si abdi anggone nggawa Ribkah lan banjur mangkat.

62Anadene Rama Iskak mentas rawuh saka ing belik Lakhai-Roi, amarga dedalem ana ing Tanah Negeb.

63Nalika Rama Iskak panuju ameng-ameng ana ing ara-ara mbeneri ing wayah lingsir kulon, bareng mulat, ningali ana unta-unta teka.

64Ribkah iya mulat weruh Rama Iskak, banjur mudhun saka ing untane,

65sarta celathu marang si abdi: “Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Ature si abdi: “Punika bendara kula.” Ribkah banjur nyandhak kudhunge sarta dianggo.

66Si abdi tumuli nyaritakake marang Rama Iskak sabarang kang wus dilakoni.

67Rama Iskak banjur nganthi Ribkah menyang ing tarube Sara kang Ibu, dipundhut garwa lan banget ditresnani. Mangkono Rama Iskak anggone kalipur sasedane kang ibu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel