Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 25 >> 

Turune Rama Abraham saka Ibu Ketura

1Anadene Rama Abraham mundhut garwa maneh nama Ketura,

2iku mbabar putra: Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah.

3Yoksan anak-anak Syeba lan Dedan, dene turune Dedan yaiku bangsa Asyur lan bangsa Letusy sarta bangsa Leum.

4Anake Midian yaiku: Efa, Efer, Henokh, Abida lan Eldaa, iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

5Rama Abraham maringake sabarang kagungane kabeh marang Rama Iskak.

6Nanging para putra kang patutan saka garwa ampeyan mau padha diparingi ganjaran, lan banjur didhawuhi lunga, nalika panjenengane isih sugeng, kapisah saka kang putra Iskak, parane mangetan menyang Tanah Wetan.

Rama Abraham seda lan banjur kasarekake

7Mungguh gunggunge yuswane Rama Abraham iku satus pitung puluh lima taun,

8Rama Abraham tumuli seda, dene sedane iku nalika wus akeh yuswane, wus tuwuk sugenge, banjur kaklempakake karo para leluhure.

9Banjur disarekake dening kang putra Iskak lan Ismael ana ing guwa Makhpela ing palemahane Efron bin Zohar wong Het kang kaprenah ing sawetane Mamre,

10palemahan anggone mundhut Rama Abraham marang wong bani Het; iya ana ing kono iku Rama Abraham lan Ibu Sara anggone padha kasarekake.

11Sasedane Rama Abraham Gusti Allah mberkahi marang kang putra Iskak, dene anggone dedalem Rama Iskak iku ana ing sacedhake belik Lakhai-Roi.

Tedhak-turune Rama Ismael

12Iki tedhak-turune Rama Ismael putrane Rama Abraham, kang lair saka Ibu Hagar wong Mesir, abdine Ibu Sara, patutan karo Rama Abraham.

13Iki pratelane jenenge para putrane Rama Ismael, disebutake miturut urut-urutane laire: pambajenge Rama Ismael iku Nebayot, nuli Kedar, Adbeel, Mibsam,

14Misyma, Duma, Masa,

15Hadad, Tema, Yetur, Nafisy lan Kedma.

16Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.

17Anadene yuswane Rama Ismael iku: satus telung puluh pitu taun, banjur seda, kaklempakake karo para leluhure.

18Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.

Esau lan Yakub

19Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.

20Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.

21Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.

22Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.

23Sang Yehuwah banjur mangandikani: “Bangsa loro kang ana ing kandhutanira, suku bangsa loro bakal padha pepisahan wiwit saka ing guwa-garbane; kang siji bakal luwih kuwat tinimbang sijine lan kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.”

24Bareng tumeka ing leke bakal mbabar, pancen kembar bobotane;

25kang miyos dhisik katon wulune abang, srirane sakojur kaya kabuntel ing wulu, mulane diparingi asma Esap.

26Sawuse mangkono rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub. Rama Iskak yuswane sawidak taun nalika peputra loro mau.

27Putra loro mau saya gedhe: Esap dadi wong kang pinter mbebedhag, ambah-ambahane ing ara-ara, nanging Yakub iku wong kang jatmika pambekane, kang jenjem ana ing tarub.

28Anadene Rama Iskak iku asih marang Esap, marga remen dhahar daging kewan bedhagan, nanging Ibu Ribkah ngasihi Yakub.

29Nuju sawijining dina nalika Yakub lagi gawe mangsakan, Esap nuli teka saka ing ara-ara, katon sayah.

30Esap tumuli nembung marang Yakub: “Bok aku kokwenehi mangan sing abang-abang kuwi ta, awit aku kesel.” Yaiku jalarane banjur peparab: Edom.

31Nanging Yakub mangsuli: “Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!”

32Wangsulane Esap: “Lah sadhela engkas aku bakal mati, apa kanggone duwe wewenang pembarep iku?”

33Pangucape Yakub: “Sumpaha marang aku dhisik!” Esap banjur sumpah, lan wewenange pembarep diedol marang Yakub.

34Yakub tumuli menehi roti lan mangsakan kacang abang marang Esap; sarta banjur mangan lan ngombe, sawuse tumuli maknyat lunga. Mangkono anggone Esap ngremehake wewenanging pembarep.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel