Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 43 >> 

Sadherek-sadhereke Sang Yusuf menyang tanah Mesir kang kaping pindhone

1Nanging pailan ing nagara kono sangsaya ngedab-edabi.

2Bareng gandum olehe nempur para putra saka Mesir wus entek dipangan, kang rama tumuli ngandika: “Padha lungaa maneh nempur sathithik kanggo kita!”

3Yehuda banjur matur: “Priyantun ageng punika welingipun wantos-wantos: Poma kowe aja nganti ngaton mrene maneh, manawa ora karo adhimu!

4Ingkang punika manawi rama marengaken adhi kula bidhal sareng kula, kula inggih sami badhe mangkat bidhal nempur kagem rama.

5Nanging manawi rama boten marengaken tumut, kula sadaya inggih boten badhe bidhal, margi priyantun ageng wau dhawuhipun dhateng kula: Poma kowe aja nganti mrene maneh, manawa adhimu ora kokajak bareng.”

6Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?”

7Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!”

8Yehuda banjur matur marang Rama Israel, kang rama: “Lare punika mugi dipun parengna pangkat sareng kaliyan kula, tumunten sami badhe tata-tata tuwin enggal pangkat, supados kula sami lestantun gesang, sampun ngantos sami ngalami pejah, inggih kula, inggih rama, samanten ugi anak-anak kula.

9Kula ingkang nanggel pun adhi, rama mundhuta saking kula, manawi ngantos boten kula aturaken dhateng rama, saha kula papanaken wonten ngarsanipun rama; kula ingkang nandhang dosa dhateng rama ing salaminipun.

10Manawi kita boten rendhet makaten, mesthi sampun sami wangsul kaping kalih.”

11Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked.

12Lan nggawaa dhuwit tikel, dhuwit kang wus dibalekake ana ing jero karungmu biyen iku gawanen mrana maneh, bokmanawa kliru.

13Adhimu ajaken, endang enggal padha mangkata, balia marang ing ngarsane panggedhe iku!

14Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”

15Para putra banjur nglumpukake atur-atur lan nggawa dhuwit tikel loro, Benyamin diajak; sawuse tata-tata nuli padha mangkat menyang Mesir, wasana padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf.

16Bareng Sang Yusuf mirsa Benyamin ana ing satengahe para sadhereke, tumuli dhawuh marang kang nguwasani daleme: “Wong-wong iku padha iriden mlebu menyang ing dalem, nyembeleha kewan, endang cecawisa, awit wong-wong iku mengko awan bakal padha mangan bareng karo aku.”

17Abdi mau banjur nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Sang Yusuf, sarta para sadhereke mau padha diirid lumebu menyang ing daleme.

18Ing kono kabeh padha rumangsa wedi, awitdene padha diirid lumebu menyang ing daleme Sang Yusuf, anggone rerasanan mangkene: “Anggonku padha digawa lumebu mrene iki, marga saka dhuwit kang bali ana ing bagorku dhek biyen kae, karsane aku arep dicekel didadekake batur tukon lan kuldiku dipundhut.”

19Mulane padha nyedhaki kang nguwasani daleme Sang Yusuf, lan matur ana ngarep lawang dalem, ature:

20“Kula nuwun bendara, kala rumiyin kula sampun sami mriki nempur bahan tedha,

21sareng kula wangsul dumugi ing pondhokan sami mbikaki bagor, lah artanipun tiyang satunggal-satunggalipun pinanggih wonten ing bagoripun tumumpang wonten nginggil saha boten kalong; dene sapunika arta wau kula bekta mriki malih.

22Kaliyan malih kula inggih sami mbekta arta sanesipun kadamel nempur; kula sami boten mangretos sinten ingkang nglebetaken arta kula wonten ing bagor wau.”

23Wangsulane abdi mau: “Kula aturi nyakecakaken kemawon, sampun ajrih! Gusti Allah panjenengan saha Gusti Allahipun ingkang rama ingkang ngangsalaken bandha ingkang kapendhem ing bagor panjenengan; arta panjenengan sampun kula tampeni.” Sawuse mangkono Simeon banjur diwetokake sarta digawa mrono ketemu karo para sadulure.

24Bareng wus diirid mlebu menyang ing daleme Sang Yusuf, tumuli diwenehi banyu, supaya padha wisuh sikil; karodene kuldine iya padha dipakani.

25Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.

26Sakondure Sang Yusuf, banjur disaosi atur-atur gawane, kagawa lumebu menyang ing dalem, lan padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.

27Banjur padha didangu bab kaslametane sarta pangandikane: “Bapakmu kang wus tuwa kang kokcaritakake biyen iku apa slamet? Apa isih urip?”

28Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul.

29Sang Yusuf bareng mirsani Benyamin rayine, tunggil ibu, tumuli ngandika: “Apa iku adhimu kang wuragil, kang kokcaritakake marang aku biyen?” Sarta ngandika maneh: “O, engger, Gusti Allah muga ngganjara sihrahmat marang kowe.”

30Sang Yusuf dumadakan nilar papan kono, marga panggalihe ngeres lan karanta-ranta saka kangene marang kang rayi, banjur golek papan kanggo muwun, tumuli lumebet ing kamar, muwun ana ing kono.

31Sawuse banjur suryan lan miyos, ngampet panggalihe sarta ngandika: “Padha ladena dhaharan!”

32Dhaharan banjur kaladekake, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhereke dhewe, lan wong Mesir kang padha ndherek mangan iya dhewe, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir.

33Lungguhe para sadhereke iku ana ing ngarsane Sang Yusuf wiwit kang pambajeng tumeka kang wuragil urut tuwa, temahan para sadhereke padha pandeng-pandengan klawan gumun.

34Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel