Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 5 >> 

Tedhak turune Bapa Adam

1Iki sarasilahe turune Bapa Adam. Nalika Gusti Allah nitahake Bapa Adam, anggone karya nulad pasemone Gusti Allah.

2Anggone nitahake lanang lan wadon sarta padha diberkahi tuwin disebut: “Manungsa” yaiku ing nalikane padha katitahake.

3Bareng Bapa Adam umur satus telung puluh taun, nuli duwe anak kang ngemperi rupa lan pasemone, dijenengake: Set.

4Sawuse duwe anak Set mau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolung atus taun maneh, sarta duwe anak lanang lan wadon.

5Dadi gunggunge umure Bapa Adam sangang atus telung puluh taun, banjur tinggal donya.

6Nalika Set umur satus lima taun, duwe anak Enos.

7Sawuse anak-anak Enos mau, Set isih diganjar umur maneh wolung atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

8Dadi gunggunge umure Set sangang atus rolas tahun, banjur ngajal.

9Nalika Enos umur sangang puluh taun, duwe anak Kenan.

10Sawuse anak-anak Kenan, Enos isih diganjar umur maneh wolung atus limalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

11Dadi gunggunge umure Enos sangang atus lima taun, banjur ngajal.

12Nalika Kenan umur pitung puluh taun, duwe anak Mahalaleel.

13Sawuse anak-anak Mahalaleel, Kenan isih diganjar umur maneh wolung atus patang puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

14Dadi gunggunge umure Kenan sangang atus sepuluh taun, banjur ngajal.

15Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun, duwe anak Yared.

16Sawuse anak-anak Yared, Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolung atus telung puluh taun sarta duwe anak lanang lan wadon.

17Dadi gunggunge umure Mahalaleel wolung atus sangang puluh lima taun, banjur ngajal.

18Nalika Yared umur satus sawidak loro taun, duwe anak Henokh.

19Sawuse anak-anak Henokh, Yared isih diganjar umur maneh wolung atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

20Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.

21Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh.

22Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

23Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun.

24Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah.

25Nalika Metusalakh umur satus wolung puluh pitu taun, duwe anak Lamekh.

26Sawuse anak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjar umur pitung atus wolung puluh loro taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

27Dadi gunggunge umure Metusalakh sangang atus sawidak sanga taun, banjur ngajal.

28Nalika Lamekh umur satus wolung puluh loro taun, duwe anak lanang,

29iku dijenengake Nuh, celathune: “Bocah iki bakal aweh panglipur marang kita ing sajroning pagawean kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipate Sang Yehuwah iki.”

30Sawuse anak-anak Nuh, Lamekh isih diganjar umur limang atus sangang puluh lima taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

31Dadi gunggunge umure Lamekh pitung atus pitung puluh pitu taun, banjur ngajal.

32Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe anak Sem, Kham lan Yafet.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel