Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 50 >> 

1Sang Yusuf tumuli nyungkemi wadanane kang rama karo muwuni lan ngarasi.

2Lan banjur dhawuh marang para abdine dhukun-dhukun, ndikakake njebadi layone kang rama; para dhukun mau iya tumuli njebadi layone Rama Israel.

3Prakara iku rampunge nganti patang puluh dina, awit iya mesthi samono suwene wong njebadi layon iku, lan wong Mesir anggone nata patangisan nganti pitung puluh dina lawase.

4Bareng wus tutug dinane patangisan mau, Sang Yusuf banjur ngandika marang para abdi ing kedhatone Sang Prabu Pringon: “Manawa aku oleh sihmu, bok iya aku padha koktembungake ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, mangkene:

5Kawula sampun dipun tedhani sumpah dening bapa kawula, piwelingipun makaten: Ora suwe maneh aku mesthi mati; anggonmu metak aku anaa ing pakuburan olehku ndhudhuk ana ing tanah Kanaan. Milanipun sapunika kawula mugi keparenga kesah metak bapa kawula, nunten wangsul malih.”

6Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sira sunparengake lunga metak bapakira, kaya anggone wus njaluk sumpah marang sira.”

7Sang Yusuf banjur tindak mrana nyarekake kang rama, sarta kadherekake sakehe para abdine Sang Prabu Pringon, para panggedhene kedhaton lan sakehe para panggedhene tanah Mesir,

8mangkono uga brayate Sang Yusuf, para sadhereke apadene brayate kang rama; mung anak-anake kang isih cilik, wedhuse lan sapine padha ditinggal ana ing tanah Gosyen.

9Karomaneh iya didherekake wong-wong kang nunggang kreta lan nunggang jaran, satemah awujud arak-arakan kang dawa banget.

10Bareng wus tekan ing Goren-Haatad, kang kaprenah ing sabrange bengawan Yarden, banjur nganakake patangisan kang banget nrenyuhake lan luwih gedhe, nganti pitung dina anggone Sang Yusuf nganakake patangisan, marga saka kang rama mau.

11Bareng pendhudhuk tanah kono yaiku para wong Kanaan weruh upacara patangisan ana ing Goren-Haatad, iku banjur padha sapocapan: “Yaiki upacara patangisane wong Mesir kang rame banget.” Mulane panggonan kono mau diarani: Abel-Mizraim, kaprenah ana ing sabrange bengawan Yarden.

12Anadene para putrane Rama Yakub padha nglakoni kaya anggone kadhawuhan.

13Para putrane padha nggotong layone kang rama menyang ing tanah Kanaan, disarekake ana ing guwa Makhpela, kang wus dipundhut Rama Abraham saka Efron, wong Het, kanggo pasarean pamijen, yaiku ara-ara ing sawetane Mamre.

14Sawuse rampung anggone nyarekake kang rama, Sang Yusuf banjur kondur menyang Mesir, iya panjenengane, iya para saherek-sadhereke dalasan wong-wong kang padha ndherekake tindake anggone nyarekake kang rama mau.

Sang Yusuf nglipur para sadhereke

15Para sadhereke Sang Yusuf bareng weruh yen kang rama wus seda, tumuli padha sapocapan: “Mesthine Yusuf ngendhem sengit lan arep males ukum marang piala kang wus padha kita tandukake.”

16Mulane banjur kongkonan marang Sang Yusuf, ature: “Rama dalem saderengipun seda, sampun meling makaten:

17Kowe padha matura marang Yusuf: Panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatan saha dosanipun para sadherek dalem, anggenipun sampun sami nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem; mila sapunika panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatanipun para ingkang ngabekti dhateng Allahipun rama dalem!” Sang Yusuf muwun nalika diaturi mangkono iku.

18Para sadhereke iya tumuli padha seba dhewe lan sumungkem ana ing ngarsane sarta matur: “Lah punika kawula sadaya, sami sowan, sami sumedya dados abdi dalem.”

19Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Aja padha wedi, apa aku iki dadi sulihe Gusti Allah?

20Pancen kowe padha ngrantam kang ala marang aku, nanging iku dicipta malih dadi becik dening Gusti Allah, supaya banjur nindakake kang kelakon ing dina iki, mitulungi urip marang bangsa kang gedhe.

21Mulane aja padha wedi, aku kang bakal nyukupi panganmu lan uga pangane anak-anakmu.” Mangkono Sang Yusuf anggone nglipur, padha dipangandikani kang ndadekake tentreming atine.

Sang Yusuf seda

22Anadene Sang Yusuf iku tetep pamanggene ana ing tanah Mesir dalah kulawargane, yuswane Sang Yusuf iku nyandhak satus sepuluh taun.

23Sang Yusuf menangi anak-putune Efraim nganti turun ketelu, karodene anak-anake Makhir, anake Manasye, laire padha ana ing pangkone Sang Yusuf.

24Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”

25Sang Yusuf tumuli mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Gusti Allah mesthi bakal mitulungi kowe; ing waktu iku, balung-balungku padha angkaten saka kene.”

26Sang Yusuf banjur seda, yuswane satus sepuluh taun; layone banjur dijebadi kalebetake trebela ana ing tanah Mesir.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel