Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 36 >> 

1Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”

2Nabi Musa banjur nimbali Bezaleel karo Aholiab lan saben wong kang ahli, kang ing sajroning atine wus padha kaparingan kawasisan dening Pangeran Yehuwah, iya sakehe wong kang legawa atine supaya padha teka nindakake pagawean iku.

3Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa.

4Lan sakehe para ahli kang nandangi sakehe pagawean kanggo pasucen iku padha teka kalawan ninggal pagaweane dhewe-dhewe,

5banjur padha sowan marang ing ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Tiyang-tiyang anggenipun sami ngaturaken sampun nglangkungi saking ingkang dipun betahaken kangge ngayahi padamelan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah.”

6Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.

7Marga bahan kang dibutuhake kanggo nggarap sakehe pagawean wus cukup, malah kepara turah.

Panggarape Tarub Suci

8Ing antarane para tukang-tukang mau kang ahli banjur padha nggarap Tarub Suci kanthi migunakake tendha lena alus kang benange kaantih lan bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, lan bakal jingga cacahe sapuluh; lan ana kerube gaweane ahli tenun, kabeh iku kagawe ing wong.

9Dawane saben tendha wolulikur asta lan ambane saben tendha patang asta, tendha mau kabeh ukurane padha.

10Tendha mau kang lima disambung-sambung dadi siji, lan kang lima uga dirangkep dadi siji.

11Pungkasane tendha rangkep kang siji, ing pinggir pojok, dietrapi kolongan tali wungu tuwa, mangkono uga tendha rangkep sijine iya dietrapi mangkono.

12Kolongan seket dietrapake ing tendha kang siji, lan kolongan seket maneh ing pinggire tendha sijine. Trape kolongan mau siji lan sijine adhep-adhepan.

13Sarta gawe canthelan mas seket iji, tendha siji lan sijine banjur dadi siji disambung kalawan canthelan mau.

14Nuli gawe tendha wulu wedhus kanggo payon kang nutupi Kemah Suci, cacahe sawelas kang digawe.

15Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta, tendha sawelas mau ukurane padha.

16Tendha kang lima disambung-sambung dadi siji, dene tendha kang nem iya disambung dhewe.

17Banjur gawe kolongan tali seket kaetrapake ing pinggiring tendha sambungan kang siji ana ing pungkasan, lan kolongan seket ing pinggiring tendha sijine.

18Mangkono maneh iya gawe canthelan tembaga seket kanggo nggandheng tendha-tendha mau dadi siji.

19Tarub mau iya digawekake payon lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang lan ing sadhuwure katutupan ing lulang dhuyung.

20Tarub Suci iku digawekake blabag kayu sittah, kang didegake jejeg,

21dawane saben blabag sapuluh asta lan ambane karo tengah asta.

22Saben blabag ana puruse loro jejer, kaya mangkono anggone gawe kabeh blabag ing Tarub Suci.

23Anggone gawe blabage Tarub Suci iku, rong puluh dipasang ana iring kidul,

24blabag rong puluh mau digawekake ompak selaka patang puluh, dadi saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro mau, lan sabanjure saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro.

25Ing sisihe Tarub Suci sijine, ing sisih lor, iya digawekake blabag rong puluh iji,

26karo ompake selaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan ing sabanjure ompak loro kanggo blabag siji.

27Ing burine Tarub Suci iya iku sisih kulon, digawekake blabag nem iji.

28Kanggo pojoking Tarub Suci kagawekake blabag loro kanggo ing sisih buri.

29Blabag loro mau ing ngisor lan ing dhuwur padha plek lan gandheng nganti tekan ing gelangan kang kapisan; kaya mangkono anggone gawe karo pisan ana ing pojok loro mau.

30Dadi gunggung ana blabag wolung iji dalah ompake salaka, kabeh nembelas; blabag siji ompake loro.

31Sarta maneh iya gawe kendhit kayu sittah: lima kanggo blabag-blabag ing sisihe kang siji Tarub Suci,

32lan lima maneh kanggo ing sisihe kang kapindho Tarub Suci, sarta lima maneh kanggo ing sisih buri, ing sisih kulon.

33Ing tengah kagawekake kendhit wiwit poncot tekan poncot.

34Blabag-blabag mau diblongsong ing mas, lan gelangan kang dadi slobokane kendhit iku kang digawe mas; kendhite iya padha diblongsonga ing mas.

35Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.

36Klambu iku kagawekake cagak kayu sittah papat kang kablongsong ing mas, canthelane iya mas, sarta cagak-cagak iku padha kadokokana ompak salaka cor-coran papat.

37Lawange Tarub iya kagawekake klambu, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih: tenunan kang manca-warna,

38anadene sakane lima lan ana canthelane kanggo cagak-cagak mau; pojoke lan sambungane padha diblongsong ing mas, dene ompake lima iku tembaga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel