Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 8 >> 

1O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler, ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula, temtu badhe kawula aras, manawi kepanggih wonten ing jawi, amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula!

2Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekaken dhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula. Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk, duduhing wohipun dlima kawula.

3Astane kang kiwa nyangga sirahku, astane tengen ngrangkul aku.

4He para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani, kena apa kowe padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake?

Katresnan iku santosa kayadene pati

5Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.

6-- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!

7Toya agung boten saged nyirep tresna, lepen-lepen boten saged ngentiraken. Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan, temtu namung badhe karemehaken kemawon.

Penganten putri lan rayine

8Aku padha duwe adhi wadon, kang durung katon payudarane. Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon, yen tumeka ing dinane linamar?

9Saupama temboka, bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure, saupama lawanga, bakal daketrapi palang kayu eres.

10-- Aku iki tembok, lan payudaraku kaya menara. Ana ing paningale wektu iku aku kaya wong kang wus oleh kabegjan.

Luwih begja tinimbang Sang Prabu Suleman

11Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon. Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa, minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu.

12Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak, wonten ing ngarsa paduka, kagem panjenengan dalem arta sewu punika, dhuh Sang Prabu Suleman, lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun.

Penganten sekaliyan wawan sabda

13-- Heh kang manggon ana ing taman, kanca-kanca padha nggatekake swaramu, aku iya rungonana!

14-- Dhuh kekasih kawula, Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang, utawi kadosdene anak sangsam wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel